Ramaparasu [4] : Ngupadi Dununging Bathara Wisnu


By MasPatikrajaDewaku

Dongeng ing ngandhap punika, kapethik mentah saking Bahasa Indonesia, dipun olah mawi bumbu sarwa Jawi, saking kitab Ramayana, anggitanipun Herman Pratikto.

_________________________________________

Rikating kandha, gelise kang munggel kawi. Liwunging pangamuk Sang Ramaparasu ambrastha para satriya, wus numpes kurban kang tanpa wilangan cacahe. Para golonganing satriya kang jirih nggetih pada kapilayu ngupadi papan pandelikan. Dene kang wani, kacandhak, sigra kasempal kaprapal kaprawasa. Ora mokal lamun para satriya kang nampa pawarta, yen ta  Ramaparasu cedhak lan papan dunungira, sakala pada payus mukane, maras atine miris sesawangan marus, kayadene wus mulat dewaning panjabut nyawa, Bathara Yamadipati.

Nanging kena kaumpamaake, kadi dene dahana mangalad alad kang mbesmi kekayoning wana, sangsaya dangu tartamtu bakal sirep. Mangkana uga derenging kanepsonipun Sang Ramaparasu kang  wus tanpa tandhing karana para satriya sampun tumpes tapis tanpa sesa.

Nalika samana kandheg lampahira Sang Ramaparasu, aneng tlatah kang ingaran Samantha Pancaka. Ing kana dumadakan tuwuh pangangen angen kang lumayang jroning driya.

“Wus sangkep anggonku brastha para satriya kanthi warata. Tan ana sawiji kang kesingsal, saban aku tumeka ing sawijining tlatah. Kabeh kang kang katindakake iku amung tumuju marang sawiji kang kaesthi, yaiku karahayoning jagad. Nanging apa ta sababe, bebrayaning urip isih nglairake golonganing satriya ing saindenging jagad. Yen ta kaya mengkana, mesthine tuwuhing golongan satriya iku, wus dadi kodrat kang wus kapurba lan kawasesa saka kang murbeng dumadi. Apa hiya garising tatanan urip iku kaya mengakana? Sakal Sang Ramaparasu mandeg mangu. Jroning ati amung ana rasa suwung kang ambabar rasa kuciwa.

Saka judheging rasa, wadung kang tansah sumandang ing gigir tinakonan. Patrape Ramaparasu, yen kadulu kaya dene wong kang nandang tonen.

Wadung, wus sepira cacahe golonganing satriya kang wus kaprawasa? Kowe sing dadi seksi! Mider saindenging jagad lakuku, ora ana kang kaesthi amung ngayahi sesanggeman. Ora saka pamrih marang sawiji wiji golongan, luwih luwih pamrih tumrap dhiri pribadi. Kanthi tulusing ati, tak aturake darma bektiku tumuju marang Hyang Widi Wasesa. Kang tak ajab amung karaharjaning ngaurip. Wektu iki aku wus lalu yuswa, nanging Paduka Pukulun maksih tetep anglairake para satria kang jumedhul mbaka sawiji ing saindenging papan. Sanajan susul sumusul lairing para satriya, bakal tetep  tak leksanani darma kang laras kalawan rapuhe angga.

Nanging karana ngapa, para satriya isih terus linairake? Kandhanana wadung, paran sejatine, apa kang kasebut sejatining sesanggeman kuwi! Kandhanana, ing ngendi bab kang becik kang kudu tak tindakake! Apa jeneng ingsun kudu nglarapake Panahku Bargawastra marang ing akasa suwung, sahengga ilang musna, sirna saka jagad raya? Kanthi mangkana aku ora kumudu lumaku njajah desa milang kori, ngambah negara negara, lan papan  kang ora kaduga suku iki jumangkah.

Genti gumanti sanjata kang tansah sumandhing kasawang, wadung lan pusaka panah Bargawastra. Wadung kaselehake, ganti ingarasan Panah Kyai Bargawastra kang uga tumuli sinelehake ing watu gilang.

Heh Bargawastra, kowe sanjata kang ampuhe anggegilani. Ora ana sajuga, kang keduga nandingi kasektenmu. Semana uga ora ana salah sawiji wiji satriya lan golonganing mahluk apa wae, kang keduga ngalahake yudaku. Kira kira ing ngendi papane Bathara Wisnu kang kesdu nguji kasektenmu.

Gumremeng guneme Ramapasu, anjinggleng mandeng senjata sakti Bargawastra. Kang pinandeng tan ana mosik, neng kaya watu ning kaya banyu. Sakala sesawanganing netra amung suwung, pasuryane suntrut peteng. Angles kekes kinunci nalanira, sahengga tan bangkit anenimbang tindak. Wusana Ramaparasu lungguh ing sangandhaping ampingan watu pepereng. Sesawang ing ngarepira, adoh anglangut tan ana watese.

Mila mangkana, mangsakala iku Sang Ramaparsu wus lalu yuswa, rikma wus asawang nyambel wijen. Senajanta blegering raga maksih santosa,  netra tuwa isih murub mangalad, karosane isih tetep kagila gila kaya keduga nembus betenging waja. Nanging wujud sarira wus saya suda sesawanging mudhane, kaya sinedhot ing ubenging mangsa kala.

Apa ingaran muspra kang tak tindakake seprana seprene?  Ngudarasa jroning batin, saka sumuk amuking pamikir jro panggalihira. Nanging kaya sinengkakake, sakala tuwuh pangucaping batin. Pangudarasa kang pranyata malah dadya kejot tumraping rasaning pribadi.

Yen kaya mangkana, pakarti kang wus katindakake seprana seprene amung dadi tuwuhing dosa. Mangewu ewu cacahing para satriya kang wus pinatenan. Nanging apa kang dadi pikolehe? Sang Murbeng Dumadi kang rina pantaraning ratri tansah sinujud,  tan ana kang nyabawa. Apa para Jawata ora ngrewes apa kang dadi pisungsungingsun?

Jroning nala Sang Ramaparasu kalimput ing rasa mesgul. Ledhok ilining banyu katutuh marang dhiri pribadi. Kang ana telenging netra kang kasawang, sakala dadi tuwuh wewujudan rasa sengit gegething. Rasa keduwung angleluber ati kang saya kalimput. Rasa sengit gegething marang diri pribadi temah ambabar rasa, yen ta Jawata arsa njabut nyawanira. Yen ta kapintaa patine, sakala bakal kapasrahake patine kanthi eklasing jiwa raga. Nanging bawane wus nate dadi putraning pandhita kang gentur ing tapa, lan uga kasandhangan santosaning jiwa, Sang Ramaparasu sakala enget, yen ta tingkah pakarti kang keduwung kuwi, ora pantes kasandhang dening manungsa kang lagya ngayahi sesanggeman.

Kocapa, kagyat Ramaparasu, tanpa sangkan dene ana Brahmana kang anekani. Kumresking gegodhongan kang pinidak Sang Brahmana, meksa Ramaparasu tumoleh marang kang nembe prapta.

Ramaparasu? Apa jeneng para kang aran Ramaparasu?

Pitakon kang kawetu saka Sang Begawan, satemah meksa Ramaparasu menyat saka pilenggahe. Tumuli Ramaparasu ngadeg prayitna ing kewuh. Kanthi sorot netra kang tajem, kajawab wuwuse sang Brahmana.

Kowe ngerti sapa ingsun?

Salumahing jagad sakurebing langit, tan ana jalma kang nora mangerti sapa sejatine sira!

Yagene?

Tanda tanda kang kadulu saka blegering sariramu lan sanjata kang kok sandhang kuwi, wadung lan panah Bargawastra, kuwi kang dadi ceciri tumrap pribadhi sira. Kejaba sorot netramu, sira kasandhangan perbawa kang nyempyok sapa wae kang wani natap netramu. Iku sejatine kang dadi kekuwatan pribadimu, jroning sira ngayahi sesanggeman.

Ramaparasu ngresula mireng ucape Pandita kang nembe prapta. Laku darma kang wus katindakake saprana seprene kanthi tekad kang luhur, kadumuk dening Sang Brahmana. Mula sora panguwuhing Ramaparasu.

Diage kandhaa sira! Ana paran sedyamu, dene sira anyaketi jenengingsun?

Sang Brahmana gumuyu ririh, kanthi weninging ati, mangkana Sang Brahmana ngendika.

Ora ana sawiji wiji kang dadi kekarepaningsun. Kekarepan, tumrapku kuwi amung asipat kanepson. Kabeh mau amung wewujud sesirikan tumrap golonganing Brahmana. Yen sira takon, yagene jeneng ingsun nyedhaki sliramu, iku amung tiba kebeneran ing wanci lan papan. Aja dadi kageting atimu Ramaparasu!

Wuwuse sang tapa kang ngucap kanthi weninging sabda, sakala ngelingake Ramaparasu marang kanjeng ramanira Begawan Jamadagni. Sumendhal sumedhot rasaning driya temah ambabar lilihing rasa. Manthuk manthuk Ramaparasu, gya ingawe Sang Brahmana sigra ingacaran lenggah.

Kawicaksananmu gawe lilihing atiku, saktemene atiku lagi ngrasa nelangsa. Sira mesthi mangerteni, apa kang ana jroning atiku. Rasaning atiku kang ora kuwagang anrenggalangi puteking nalar budiku!

Kleru patrapmu yen mangkana, yen sira nyipta lamun para Brahmana mangerteni apa kang kasimpen sakjroning sakwiji wiji para pribadi. Kang narik kawigaten tumrapku, malah sikeping diri sira kang katon suntrut kaya dene manungsa kang lagya nandang duhkita.

Ya gene, diage mara sajarwaa!

Sikep kang sira sandhang, rasa duhkita, tresna, gething, gawe kacilakan, nindakake pitulung, ngupadi bebathen, mburu kasusran lan sapiturute kuwi, tibane amung tumuju marang papan kang adoh saka sari pati bebener kang sejati. Iku kang dadi sesandhungan tumrapku golonganing para Brahmana.

Yen mangkana, apa kang dadi sajatining bebener tumrap sira? Tetanya Ramapaarsu kanthi rasa murina.

Lalekna kabeh. Sabab kabeh mau sajetine kang ingaran darma utawa sesanggeman. Nrenggalangi mungsuh kang kasat mata kuwi luwih gampang. Karana kuwi kang dudu ingaran sesanggeman kang sejati, dudu darma kang tumuju marang kawicaksananaing urip kang sejati.

Yagene?

Karana laku kang kaya mangkana kuwi, isih tinumpangan dening kawicaksanan kang tuwuh saka benering pribadi lan golongan. Sabab bebener tumrap sawiji golongan, durung mesthi jumbuh kalawan bebener tumrap golongan liyane. Patrapmu sumembah sumujud marang kang Maha Agung, sejatine kumudu kudu anyipta patraping tumindak kang welas asih marang sepadha padha. Ora malah saya caket, saya ambal ambalan wola wali memaca kitab suci lan saya asring nggonira sumujud marang Gusti, malah andadekake sira ambeg siya marang golonganing kang ora cundhuk kalawan kapercayan kang sira sandhang. Tumindak siya kang  sira lakoni mau, amarga sira narka amung golongan sira kang kuwagang memayu hayuning jagad! Sajatine tumindak iku tumindak kang dudu!

Heh,  sira nyendhu kalawan apa kang katindakake?!

Babar pisan. Ingsun wus ngucap mau, lamun Ingsun amung saderma liwat, lan kepranggul kalawan sira! Nanging menepna nalarmu, laras kang ingsun ucapake!

Ramaparasu anjegreg tumuli sesendher ing pepereng. Tan ana sabawa, sotaning driya saya ngrerepa. Sipat piangkuh kang sinandhang, kasor lan sabdaning Sang Brahmana kang lenggah ing caketira. Sigra rasaning sang Ramaparasu rila lamun pasrah lawan sesaning yuswa, katuju marang nuting laku marang dunungin bebener.

Ririh ngrerepa, mangkana aturira Sang Ramaparasu.

Sapa sejatine sira? Tetakon Ramaparasu, naging tumuli kajawab pribadi, Nanging iki dudu bab kang wigati! Kang kapireng ing talinganku kaya dene sabdaning Jawata Agung kang asung pepadhang marang jeneng ingsun. Wus kajawab apa kang dadi pitakonku seprana-seprene. Laku darmaku nyatane ora trep ing laku bebener. Telenging darma kang katuju ing uni, nyatane amung dadi perkara kang gawe kisruh. Nanging iki wus kinodrat saka pamintane kanjeng ramaku, Resi Jamadagni, yen aku ora bakal kalah, lamun jumangkah nrenggalangi mungsuh. Ingsun amung bisa sirna saka kawicaksanae Bathara Wisnu. Yen kaya mengkana, kowe wus amiwiti, tuduhana ing ngendi dununge Batara Wisnu.

Geragapan Sang Brahmana, daya daya Sang Brahmana ngendika

Kepriye anggonku anudhuhake ing ngendi papane Bathara Wisnu. Aku amung sarira Brahmana, asaira wadag. Dene Batara Wisnu kuwi asarira Dewa. Mokal lamun bisa kagrayanga!

Legeg rasanira Sang Brahmana. Tumuli katerusake sabdanira.

Ana pawarta kang binandhunging karna, kabar kang wus ngebaki jagat, manawa Bathara ‘Wisnu wus tumurun ing arcapada. Lumantar guwa garbane sapa, ora ana sawiji wiji manungsa kang kuwawa nudhuhake kanthi pratitis. Aku amung bisa narka, kang durung mesthi ngandhut kasunyatan.

Tilingana, aku bakal crita. Ana sawijining raja kang agung ing budi. Sang Prabu nyakrawati ing negara kang kasebut Maespati. Sang Prabu jejuluk Harjuna Sasrabahu. Miturut tambang rawat rawat, ujaring kang sinambi wara wara, Sang Prabu kuwi panjalmaning Batara Wisnu karana bangkit Triwikrama. Tegese, kuwawa mancala putra malih kaya dene raseksa kang sanggup jumangkah angideri jagad, kelakon amung njangkah telung pecak.

Ing sawijing dina, ana Raja kang budi candhala jejuluk Prabu Rahwana, ya Prabu Dasamuka. Ngrangsang yuda nglurug bala menyang negara Maespati. Akeh prajurit sekti kang nemahi tiwas, kontal kaprapal kaprawasa. Sanajan mahapatih Suwanda kang sura sekti mahambara, kagadhuhan panah kang ampuhe kagila gila kang ingaran Cakrabaswara, nanging panggah kaseser yuda, temahing pralaya.

Wusananane Prabu Harjuna Sasrabahu nrenggalangi prang lawan Prabu Rahwana. Makaping-kaping mestakane Rahwana gumlundhung ing bantala, nanging Prabu Rahwana kuwawa bali waluya temah jati. Saka gempunging penggalih, wusanane Prabu Harjuna Sasarabahu matak aji Triwikrama. Jagad sesak saka panjalmaning Triwikrama. Suwe mijet wohing ranti, Rahwana kapikut, nedya kauntal malang. Nanging nalika samana, ana Brahmana kang ingaran Resi Pulasta, yakuwi eyange Rahwana.

Gupuh Resi Pulasta, mita aksama marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Saka rasa kurmat marang golonganing Brahmana, sakala kepareng Prabu Harjunasasra paring pangaksama marang Rahwana.

Ya iki kang dadi titikan, menawa panjalmaning Wisnu kang awujud Triwikrama, wus tumurun nyawiji marang sarirane Prabu Harjuna Sasrabahu. Embuh kanane, amung sira pribadi kang bangkit mbuktekake kanyatan kang kacaritaake.

Wus rampung dongenganmu? Apa sira Sang Brahmana keduga paring katrangan kang luwih cetha. Kumesar sasar Ramaparasu sumengka.

Aku amung nyoba paring kalidamar marang sira Ramaparasu. Aku amung nudhuhake, apa kang dadi teleng kareping atimu. Manungsa kang asarira Bathara Wisnu, kang keduga nguntapake jatining patmu. Saiki lilanana aku nerusake gregreting ati lan pecaking suku.

Mangkana Sang Brahmana gya lumampah galeyah galeyah, tilar unggyane Sang Ramaparasu, kang anjegreg kaya tugu sinukarta. Kang melu njangkah saka sarirane Ramaparasu, amung soroting netrane tumuju mring sang Resi kang sakala ilang kakedhepake.

Sang Arka wus sirep ing jagad kulon. Ananging ing kana ana kang tumimbul ing tekadira Sang Ramaparasu. Hiya! Arep tak upadi ngendi dununge Prabu Harjuna Sasrabahu. Mbok menawa iki bener kang dadi Pangandikane Sang Begawan!

Kasaut sanjata wadung lan Bargawastra, jumangkah Sang Parasurama. Kang kaesthi amung sawiji, ing ngendi dununging titis Batara Wisnu!

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s