Sebuah koleksi yang disaharing oleh Mas Sugiran Aulia Tangerang berjudul “Banjaran Rahwono” bersama Ki Timbul Hadi Prayitno yang adalah rekaman Live saat pagelaran di Karangmojo-Gunungkidul.
Selamat Menikmati
Atas nama sutresna wayang terutama pecinta KTCM, kami ucapkan terima kasih kepada Mas Sugiran Aulia atas sharing ini. Smoga bermanfaat bagi kita semua.
Matur nuwun
Update Terakhir : 03042014
http://www.4shared.com/folder/r2usHO54/021.html |
Advertisements
Nyuwun pangapunten, kula kepengin download lampahan Banjaran Rahwana kok boten saget nggih? kados pundi caranipun?
Kulo ugi nembe undhuh mboten masalah kok, cobi dipun cobi malih, Nuwun
katur poro sutresnaning Dalang legendaris KTCM
nuwun sewu kulo bade matur bilih Banjaran Rahwono puniko perdana kulo upload mp3… bilih ingkang sepindah puniko saget dipun dl poro sutresnaning wayang mugi samangkeh saget kulo upload ingkang no. 2 injih puniko lahiripun “PARIKESIT” taksih saking KTCM ingkeng dipun dukung Alm. Nyi Condrolukito.
pramilo kulo nyuwun saran soho nasehatipun amrih saenipun
Kasinggihan Mas Sugiran, dipun tenggo, lha menawi kagungan dhalang-dhalang mudha saking daerahipun KTCM inggih sae.
Matur nuwun tambahan koleksinipun
Kagem Bapak Sugiran … mbenjang menopo badhe pun upload lampahan “LAHIRE PARIKESIT” ingkeng waranggono Alm. Ibu Tjondrolukito …. Matur nuwun
Lha niku sampun wonten kok Mas Andri, cobi pun padosi, lha malah kula njih sampun ngundhuh kok.
Nuwun Sewu Mas Prasetya kula jam 11.30 mboten masalah kok, mboke menawi kaleresan jaringanipun gangguan. Nuwun
Katur
Sedoyo Sutresnaning Budoyo Jawa khususipun Budoyo Wayang Kulit
Kok ngantos sak puniko kulo madosi file dalang Sugi Cermo Sardjono mboten kepanggih.
Bilih wonten, kulo nyuwun pitedah kados pundi caranipun madosi. Matur nuwun.
matur nuwun mas sugiran. kulo nate ningali wayangan ki timbul wonten gelanggang remaja bulungan jakarta selatan (tahunipun kesupen), ingkang ngawontenaken keluarga besar karangmojo gunungkidul ing jakarta. lampahanipun banjaran rahwana. menapa menika rekamanipun?
nuwun
Pak Budi Susilo
pancen meniko hasil rekamanipun.
Kang Mas Prabu, badhe ndherek ngundhuh file no. 3B & 4A kok “link tdk berlaku” maturnuwun
Mbok menawi sakleresipun jaringan ingkang pinuju ‘error, kula nate ngunduh saged khasil kok, monggo dipun cobi malih, menawi mboten khasil paring alamat e-mail mangkeh kula kirim. Nuwun
Kang Mas Roni, file no. 3B & 4A dereng saged dipun unduh, file sanesipun sampun saged ngunduh, nyuwun kirimanipun : agusrianto9999@ymail.com
Sak derengipun maturnuwun.
njih, dipun tenggo kemawon njih. Mtr nuwun
Katur Pak Agus R.
Kulo sampun cobi malih dl ingkang File No. 3B soho 4A mboten masalah. Monggodipun cobi maleh. kulo cobi rikolo tgl. 4 juli 2011 jam 24.00