Sarpakenaka


http://edisicetak.solopos.com/jajawa/keluaran.asp?id=12464

Dewi Sarpakenaka, raseksi kang seneng dhemenan

Sebutan Sarpa ing basa Jawa ngemu teges ula kang duwe wisa. Kenaka tegese kuku. Sarpakenaka duweni pusaka arupa kuku lincip lan landhep, kang ngamot wisa.

Sarpakenaka kuwi anake wadon Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi, putu Prabu Sumali raja nagara Alengka. Sedulure Sarpakenaka ana telu, yakuwi Prabu Dasamuka, Raden Kumbakarna lan Gunawan Wibisana.

Watake Sarpakenaka ora beda karo watake Dasamuka, kejem, ngendel-endelake nepsu birahine, buktine raseksa cacah wolu kabeh didadekake bojone. Para raseksa kuwi Ditya Karadusana (Jambumangli), Ditya Wirupaksa, Ditya Animpraba, Ditya Pratamadagni, Ditya Wilugangsa, Ditya Puntadagsa, Ditya Prajangga lan Ditya Margangsa. Saliyane bojo cacah wolu kuwi, Sarpakenaka uga seneng dhemenan karo raseksa prajurite Dasamuka. Ditya Marica, raseksa kaprecayane Prabu Dasamuka uga dadi dhemenane.

Awit cilik, Sarpakenaka pancen diuja dening ibune, amarga siji sijine wong wadon ing kulawargane. Amarga kuwi, Sarpakenaka gedhene dadi raseksi kang murka lan kejem.

Nalika Sri Rama, Dewi Shinta lan Leksmana netepi laku ing alas Dandaka, Sarpakenaka meruhi pondok Sri Rama ing papan kono. Nalika nyedaki pondok, Sarpakenaka weruh Leksmana sing rupane bagus banget. Sarpakenaka dadi kedanan lan njaluk supaya dipek bojo Leksmana. Nanging Leksmana ora gelem, lan marai Sarpakenaka nesu banjur wadul marang Prabu Dasamuka. Wusanane, Dasamuka nyolong Dewi Shinta lan digawa mlayu ing Alengka.

Tibaning perang gedhen ing Alengka, Dewi Sarpakenaka ngajokake kabeh bojone sing cacah wolu mau. Nanging siji mbaka siji kabeh bojone mau mati kabeh ing alaga. Ditya Animpraba mati digada Jaya Anila. Ditya Pratamadagni lebur dadi awu amarga diobong geni gaweyane Kapi Anggeni, lan liya-liyane.

Meruhi bojone padha gugur ing paperangan, Dewi Sarpakenaka nesu banget. Dheweke banjur maju ing alaga lan wadyabala wanara dijaring nganggo kembene nganthi ora ana wanara siji sijia sing bisa ucul, kajaba Anoman lan Jaya Anila. Gunawan Wibisana banjur ngakon Leksmana supaya nggodha Sarpakenaka. Manawa wus lena amarga nyawang rupa baguse Leksmana, kembene Sarpakenaka supaya cepet dibrodol.

Siasate Wibisana iki dilakokake dening Leksmana. Sarpakenaka pancen lena tenan nyawang rupa baguse Leksmana kang kaya Bathara Kamajaya. Anoman banjur tumindhak. Kemben Sarpakenaka dibrodol nganti ewonan wanara ing njerone bisa metu kabeh. Sarpakenaka dhewe bisa dipateni sawuse kuku-kukune dicabut dening Anoman. ::Damar Sri Prakoso::

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google photo

You are commenting using your Google account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s