Tanging jering angawe-awe kaya ngampirake tindaknyo sang satrio gung, raja putra ing Ngayodya, putra Sri Dasarata ingkang kekasih Raden Rama, yo Raden Regawa
Pranyata satria bagus tanpa cacat, cahya wening sumamburat katitik saka luhuring darajad
Lamun kadulu suwe-suwe tan prabeda kaya wujuding jimat
Akeh para manungsa-manungsa kang padha kepikat
Darbe niat supaya bisa lan sesandingan kalawan satria kang prabane kaya cahyaningrat
Denya kesah saking negari Ngayodya dening sawargi ingkang rama pun atesan kawan welas warsa laminipun
Nedenge temanten enggal mila garwa tan purun pisah sarema anenggih raja putri ing Mantilidirja
Putrine Sri Janaka ingkang sesilih Rekyan Shinta
Wanodya sulistyo ing warna dasar pinter angedi busana ngadi sarira
Trusing driya hanguma larum ora jeneng mokal denya anandang sungkawa nganti jagat saisine datan kuwawa anampani sungkawane Dewi Shinta
Manuk-manuk kang padha mencok panging kayon pating caruwet ocehe
Parandene dupi mulat tindaknyo Dewi Shinta ceklakep kaya binungkem sami mandhap saking ngepang andekur
Yen manungsaa kaya sung pembage datheng rawuhe Sang Putri linangkung
Kali cilik kang padha mambeg sakala banyune kemricik ebahing toya labet denyo kepengin tumingal marang sulistyoning warni Dewi Shinta
Mina-mina alit kang mapan ana ing kono pating calunguk padha ngatonake sirahe awit denyo anginceng sarta anginjen nglirik namatake marang sulistaning Dewi Shinta
Padas turi padha ambrol
watu gedhe padha gathuk
watu cilik padha gathik
Upama wujude manungsa padha saur-sauran takon genti tinakon paran boyo wanita kuwi Konco
Benjang lakone ayo konco padha rinekso kahaywanane
Suket grinting kang wus aking karana dangu tan kejawahan
Parandene ketetesan kringeting Dewi Shinta saknalika subur semi angembruyung
Walang-walang kang padha mencok ing witing sidaguri padha mabur pating kleper angubengi lungguhane Dewi Shinta
Rama Gandrung bersama Ki Nartosabdo
Update terakhir new upload : 29032014
http://www.4shared.com/folder/72wItrVf/25_online.html |
Jumlah File : 12 File
Nuwun sewu kulo download nggih?
Kok tidak bisa di-download mas Prabu?
Wonten passwordipun mas
Menopo passwordipun, mas Prabu?
Ya mas Prabu, kok nggak bisa di down load?
Untuk mendapatkan password, silahkan joint terlebih dahulu, gabung menjadi Anggota Milis PPW, untuk gabung dapat klik Milis PPW, hal ini kami tdk bermaksud untuk membuat sulit, semata-mata agar dapat ikut berpartisipasi ‘nguri-uri kabudayan’ secara tergabung dan terarah dengan jelas. Mtr nwn
mas kok nggak bisa masuk milis
mas Prabu ndamel gmail saget boten
Mohon maaf, file nomor 8 tidak bisa di-download.