Arya Udawa setya tuhu mbelani Narayana


udawa_solo

Arya Udawa kang uga kondhang sinebut Patih Udawa iku putrane Arya Basudewa lan Ken Sagopi utawa Sagupi.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, sawise Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, Arya Udawa lan loro sedulur liyane, Dewi Rarasati utawa Larasati lan Arya Adimanggala banjur dumunung ing kabuyutan Widarakandhang utawa Widarakandha.

Amarga Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, sabanjure Udawa lan kabeh sedulure dadi anak-anake Antagopa. Nalika iku ing krajan Mandura dumadi dredah saka trekahe Kangsadewa kang sedya nguwasani dhampar keprabon Mandura. Kangsadewa uga ngracik rancangan arep mateni kabeh putrane Prabu Basudewa, raja kang jumeneng ing Mandura.

Jalaran iku, putra putrane Prabu Basudewa yaiku Kakrasana, Narayana lan adhine Dewi Wara Sumbadra didhelikake ing kabuyutan Widarakandhang, dititipake marang Nyai Sagopi lan Antagopa supaya digulawenthah kanthi permati. Wiwit tekane putra putrane Prabu Basudewa ing Widrakandhang iku Udawa banjur duwe sesambungan raket karo Narayana. Prasasat Narayana iku wus dadi kadidene sedulur tuwane Udawa. Lan Udawa dhewe uga tansah enthengen yen kudu mbiyantu Narayana. Continue reading Arya Udawa setya tuhu mbelani Narayana

Yuyutsuh mehak Pandhawa mbelani bebener


yuyutsu_solo

Arya Yuyutsuh iku putrane Arya Widura utawa Yamawidura. Arya Widura dhewe putrane Begawan Wiyasa lan Dewi Datri. Arya Yuyutsuh duwe sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya.
Dene ibune Yututsuh yaiku Dewi Padmarini. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina.

Wiwitane kulawarga Arya Widura milih meneng lan ora nemtokake sikep arep mbela Pandhawa apa Kurawa nalika perang Baratayuda arep pecah. Wusana Arya Yuyutsuh nemtokake sikep kang dadi katetepan batine sawise ngliwati laku batin kang abot.

Yuyutsuh netepake sikep milih mbela para Pandhawa. Yuyutsuh duwe panganggep, sawise ngliwati laku batin kang abot, yen para Pandhawa iku pehak sing ngugemi bebener. Dene Kurawa dadi mehak kang nerak wewaler, ora ngugemi bebener, kepara ngiwakake bebener.

Yuyutsuh nganggep para Pandhawa pancen dumunung ing kalungguhan kang bener ing bab cecongkrahan kalawan para Kurawa kanggo ngrebut panguwasa ing Krajan Astina. Miturut Yuyutsuh, Pandhawa iku kang duwe hak marisi panguwasaning Krajan Astina saka Prabu Pandudewanata, panguwasane krajan Astina kang sah.

Nalika Prabu Pandhudewanata surut ing kasedan jati, Pandhawa, para putrane pancen durung cukup dewasa yen dipasrahi tanggung jawab mimpin krajan Astina. Amarga iku banjur diracik Piagam Astina kang disekseni lan ditandhatangani dening kabeh pehak lan kabeh krabat sesepuh Astina. Continue reading Yuyutsuh mehak Pandhawa mbelani bebener

Pragota seneng guyon lan gojegan


pragoto_solo

Arya Pragota utawa Patih Pragota iku patihe Prabu Baladewa ing Krajan Mandura. Pragota nglenggahi jejering patih njaba. Sedulure Pragota yaiku Arya Prabawa kang ing wektu iku nglenggahi jejering patih njero.

Pawakane Patih Pragota iku gagah pideksa, mirip kaya Dursasana. Swarane bantas, seneng guyon lan gojegan, lan yen micara mesthi dipungkasi kanthi ngguyu lakak-lakak. Amarga sipate kang mangkono iku, Patih Pragota bisa ngimbangi sipate Prabu Baladewa kang gampang nesu.

Nalika dumadi paprangan, kridhane Pragota ing paprangan iku uga kayadene wong kang seneng-seneng, ora lali guyon lan gojegan lan tansah ngumbar esem lan ora kendhat gumuyu nalika ngadhepi mungsuh.
Yen katemben menang ing paprangan Pragota tansah ngguyu cekakakan sinambi jejogedan. Lan yen katemben kalah ing paprangan, dheweke uga ora sedhih. Kabeh dianggep lumrah lan sabanjure lumaku kanthi entheng.

Sadawane uripe Pragota tansah setya tuhu ngabdi marang Prabu Baladewa utawa Kakrasana ing krajan Mandura. Miturut crita ing jagad pedhalangan, Pragota iku anake Antagopa lan Nyai Sagopi. Continue reading Pragota seneng guyon lan gojegan

Sitija putrane Hyang Wisnu kang nguwasani krajan loro


sitija_solo

Tembung sitija ateges lair saka lemah, siti ateges lemah lan ja ateges lair. Bambang Sitija iku anake Hyang Wisnu lan Dewi Pratiwi utawa Pertiwi, putrane putri Prabu Nagaraja, raja krajan Sumur Jalatunda. Sitija duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Dewi Siti Sendari.
Ing jagad pedhalangan Sitija kondhang kanthi jeneng Bambang Suteja utawa Seteja. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Sitija duwe pusaka peparing ibune, saka kanugrahan kang diparingake Hyang Wisnu, arupa cangkok Kembang Wijayakusuma kang arane Wijayamulya. Pusaka iki duwe kasiyat nguripake titah kang wus mati lan kabeh barang kang wus ora migunani.

Sawijining dina Bambang Sitija pengin nggoleki bapake, kang wektu iku tumurun ing Arcapada njilma dadi sawijining raja gung binathara. Saka pituduhe ibune, Dewi Pratiwi, dheweke diwenehi pangerten, yen sejatine Bambang Sitija iku putrane Hyang Wisnu, ananging ing wektu kuwi nembe njilma marang Narayana utawa Sri Kresna. Dene cirine yaiku kulite cemani utawa ireng, padha kalawan kulite Hyang Wisnu. Continue reading Sitija putrane Hyang Wisnu kang nguwasani krajan loro

Raden Samba mati nglabuhi tresna


samba_solo

Samba iku ing jagad pedhalangan uga dikenal kanthi jeneng Wisnubrata, Kusumakilatmaka. Raden Samba duwe sisihan sing jenenge Dewi Yatnyawati, putrane putri Prabu Karekatnyana, raja ing nagara Tasikmadu.

Miturut andharan ing buku Ensklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Samba iku putrane Prabu Kresna raja Dwarawati. Ibune Samba yaiku Dewi Jembawati kang ora liya prameswarine Prabu Kresna.

 

Samba duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Raden Gunadewa lan dedunung ing Gadamana. Gunadewa wujude wanara, lan ing Gadamana digulawenthah dening simbahe, yaiku Resi Jembawan.
Dene papan dununge Samba yaiku kasatriyan Paranggarudha. Sedulure liyane kang tunggal bapa nanging beda ibu yaiku Raden Sarana, Partadewa utawa Partajumena, lan Dewi Titisari kang kabeh lair saka guwa garbane Dewi Rukmini.

Sedulur tunggal bapa liyane yaiku Raden Setyaka (lair saka guwa garbane Dewi Setyaboma) lan sing lair saka guwa garbane Dewi Pertiwi yaiku Sitija lan Siti Sendari. Maratuwane Samba, yaiku Prabu Karekatnyana, miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, karyane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, ora liya sedulure Prabu Karentaknyana, raja ing nagara Calamadu. Continue reading Raden Samba mati nglabuhi tresna

Wayang Berbahasa Asing, Why Not ?


 

manteb-sudharsono

KI Manteb Soedharsono, dalang kondang dari Doplang, Karangpandan, Karanganyar, lagi-lagi ikut andil mengusung prestasi tertinggi di dunia pedalangan. Berkat penampilannya, wayang kulit purwa memperoleh penghargaan Master Piece of The Oral and Intangible of Humanity. Karena itu, wayang kini dimasukkan sebagai salah satu master piece warisan budaya dunia. Apa yang kemudian dilakukan oleh dalang yang dulu memperoleh predikat sebagai “dalang setan” itu? Rupa-rupanya dia mendapat “hadiah” keliling Eropa untuk memperkenalkan wayang kulit selama dua pekan. Lalu, apa komentar dia tentang pengahargaan tersebut? Berikut wawancara wartawan Suara Merdeka, Joko Dwi Hastanto, di sela-sela pertunjukan untuk ribuan anggota Unesco, di Paris belum lama ini.

Selamat! Anda telah mengantarkan wayang sehingga memperoleh penghargaan kelas dunia…

Terima kasih, matur nuwun. Sebenarnya penghargaan ini bukan bertolak dari jasa saya saja. Ini berkat kerja sama semua pihak yang melibatkan pengrawit, Senawangi, Pepadi, dubes Unesco, dan tentu saja semua rakyat Indonesia. Karena itu, penghargaan ini bukan untuk saya, melainkan untuk rakyat Indonesia.

Ya, tetapi paling tidak Andalah pemeran utamanya… Continue reading Wayang Berbahasa Asing, Why Not ?