Tag Archives: Cerita Wayang

Bathara Wisnu kajibah mamayu hayuning bawana


 

wisnu_solo

Bathara Wisnu iku miturut Mahabharata putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi. Ananging Bathara Wisnu iku uga kondhang minangka putrane nomer lima utawa putra sumendi Sanghyang Manikmaya utawa Batahara Guru lan Dewi Umayi kang banjur dipasrahake marang Resi Kasyapa lan Dewi Aditi supaya digulawenthah.

Putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi cacah 12, yaiku Dewi Datri, Dewi Mitra, Bathara Ariaman, Bathara Sakra, Bathara Baruna, Bathara Angsa, Bathara Waga, Bathara Wiwaswat, Bathara Pusa, Dewi Sawitri, Dewi Twastri lan Bathara Wisnu.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Wisnu mujudake bathara kalanggengan utawa karaharjan lan kesejahteraan.

Putrane raja Tribuwana kang nglambangake sipat jujur (Bathara Sambo), semangat (Bathara Brahma), rasa (Bathara Indra) lan daya utawa kekuwatan (Bathara Bayu) durung paripurna yen durung dipepaki pralambang kawicaksanan.

Raja Tribuwana, Bathara Manikmaya utawa Bathara Guru, pengin duwe putra kang asipat wicaksana, wusanane pepenginane iku kasembadan kanthi laire Bathara Wisnu.

Dasanamane Sanghyang Wisnu yaiku Abhuta (raja saka sakabehing titah urip lan kang ora urip), Asiyuta (raja kalanggengan), Cakrawati (raja jagad luhur), Hari (raja dahana utawa geni), Haus (raja samodra), Idopati (raja kapinteran lan kajujuran) lan Janggernata (raja alam donya).

Saliyane iku uga isih ana dasanama Kapila (wasis), Narayana (raja samodra), Pandarik Aksa (raja kasenengan), Purusotama (raja jiwa), Purwaya (rajaning nyawa) lan Wiratapura (rasa sato kewan). Continue reading

Bathara Kala wenang mateni lan mangan wong-wong sukerta


 

kala_solo

Bathara Kala iku putrane Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi kang nomer enem, utawa putra ragil. Tembung kala ateges wektu lan dewa penasaran.

Sawise Bathara Guru lan Dewi Umayi peputra cacah lima, kalorone lelungan ngenggar-enggar ati numpak Lembu Andini utawa Nandini.

Ing satengahing mlaku-mlaku iku Bathara Guru kapiadreng saresmi, ananging Dewi Umayi nulak. Pawadane kahanane ora apik kanggo saresmi amarga ana ing satengahing adicara mlaku-mlaku ngenggar-enggar ati. Continue reading

Bathara Kamajaya dadi pralambang priya kang sampurna


 

kamajaya_solo

Bathara Kamajaya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Sanggani. Dewi Sanggani dhewe ora liya putrane putri Sanghyang Wenang kang kaping sanga. Bathara Kamajaya iku kondhang duwe pasuryan kang bagus banget, dedeg piyadege uga sampurna.

Yen ing arcapada ana Arjuna kang dadi pralambange priya kang sampurna pasuryan lan dedeg piyadege, ing Suralaya ana Bathara Kamajaya. Kayangane sinebut Cakrakembang. Prameswarine asma Dewi Ratih, yaiku putrane putri Bathara Soma.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, pasangan Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih kondhang rukune, ora tau cecongkrahan, siji lan sijine padha percayane, siji lan sijine padha tresnane, saengga menjila dadi pralambang wong mbangun bale somah kang samesthine.

Bathara Kamajaya iku tresna banget marang Arjuna, lan tansah sumadya mbela lan mbiyantu Arjuna. Ing lakon Cekel Indralaya, Bathara Kamajaya njaga ajining dhiri Dewi Wara Sumbadra, amarga Arjuna katemben nglakoni tapa brata ing pertapan utawa padhepokan Banjarmelati.

Ora anane Arjuna ing sisihe Dewi Wara Sumbadra dimumpangatake dening para Kurawa kanggo nggodha Dewi Wara Sumbadra kang dumunung ing Banoncinawi. Ing lakon Partadewa, nalika Pandhawa murca lan Arjuna jumeneng nata ing Kaindran, Bathara Kamajaya mbela krajan Amarta saka pangrabasane Kurawa. Continue reading

Bathara Surya njurung ngrembakane titah


 

surya_solo

Bathara Surya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Senggani. Bathara Surya duwe sedulur cacah sepuluh, yaiku Sanghyang Wungkuam, Sanghyang Temboro, Sanghyang Kuwera, Sanghyang Wrahaspati, Sanghyang Syiwah, Sanghyang Surya, Sanghyang Candra, Sanghyang Yama/Yamadipati, Sanghyang Kamajaya lan Bathari Darmanasti utawa Dewi Darmanastiti.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Surya dicritakake duwe sisihan loro, mbakyu adhi, yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Sisihane Sanghyang Surya iki sabanjure nurunake bangsa kaga utawa garudha lan bangsa naga utawa ula.

Dening Sanghyang Ismaya, sisihane Sanghyang Surya sakeloron iku diparingi endhog siji-siji. Endhog kang diparingake marang Dewi Ngruna, sawise tekan titi mangsane netes dadi kaga utawa garudha kembar lan dijenengi Sampati lan Jatayu. Sabanjure, garudha kembar iku kondhang lan dadi paraga baku ing crita Ramayana.

Dene endhog kang diparingake marang Dewi Ngruni, nalika tekan titi mangsane netes dadi ula kang cacahe tanpa wilangan, akeh banget. Miturut Mahabharata, garudha Sampati lan Jatayu iku putrane garudha Aruna kang lair saka guwa garbane Dewi Sweni. Continue reading

Bathara Yamadipati wenang njabut nyawa


 

yamadipati_solo

Bathara Yamadipati iku putrane Bathara Ismaya lan dumunung ing kayangan Hargadumilah. Sedulure Bathara Yamadipati yaiku Bathara Wungkuam, Bathara Temburu, Bathara Kuwera, Bathara Kamajaya, Bathari Darmanastri, Bathara Surya, Bathara Candra, Bathara Wrahaspati lan Bathara Patuk.

Kuwajibane Bathara Kala yaiku nyabut nyawa kabeh titah kang urip ing arcapada. Saliyane duwe jejibahan nyabut nyawa, Sanghyang Yama uga duwe jejibahan njaga neraka. Neraka iku ing jagad pewayangan kalebu salah sijine papan kang mligi ing kayangan.

Dene papan-papan mligi ing kayangan kasebut antarane, bale papan sidhang utawa rerembugan kang sinebut Marataka, dhampar keprabon kang sinebut Mercukundha, karaton ing kayangan kang sinebut Paparyawarna, kori ngarep kang sinebut Sela Matangkep lan dijaga dening Cingkarabala lan Balaupata.

Saliyane iku uga gapura kayangan kang sinebut Merutulya, papan ngaso lan parkir kang sinebut Jamurdipa, alun-alun kang sinebut Repat Kepanasan, pagelaran kang sinebut Kandhawarubinangun, tamansari kang sinebut Kawidodaren Tinjamaya, jurang papane sukma ngenteni pangadilan kang sinebut Wedhung Pangariparip, kreteg tumuju swarga kang sinebut Wot Ogal-Agil, neraka kanggo nyiksa kang sinebut Endhut Blegedaba. Continue reading

Arya Udawa setya tuhu mbelani Narayana


udawa_solo

Arya Udawa kang uga kondhang sinebut Patih Udawa iku putrane Arya Basudewa lan Ken Sagopi utawa Sagupi.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, sawise Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, Arya Udawa lan loro sedulur liyane, Dewi Rarasati utawa Larasati lan Arya Adimanggala banjur dumunung ing kabuyutan Widarakandhang utawa Widarakandha.

Amarga Ken Sagopi palakrama karo Antagopa, sabanjure Udawa lan kabeh sedulure dadi anak-anake Antagopa. Nalika iku ing krajan Mandura dumadi dredah saka trekahe Kangsadewa kang sedya nguwasani dhampar keprabon Mandura. Kangsadewa uga ngracik rancangan arep mateni kabeh putrane Prabu Basudewa, raja kang jumeneng ing Mandura.

Jalaran iku, putra putrane Prabu Basudewa yaiku Kakrasana, Narayana lan adhine Dewi Wara Sumbadra didhelikake ing kabuyutan Widarakandhang, dititipake marang Nyai Sagopi lan Antagopa supaya digulawenthah kanthi permati. Wiwit tekane putra putrane Prabu Basudewa ing Widrakandhang iku Udawa banjur duwe sesambungan raket karo Narayana. Prasasat Narayana iku wus dadi kadidene sedulur tuwane Udawa. Lan Udawa dhewe uga tansah enthengen yen kudu mbiyantu Narayana. Continue reading

Yuyutsuh mehak Pandhawa mbelani bebener


yuyutsu_solo

Arya Yuyutsuh iku putrane Arya Widura utawa Yamawidura. Arya Widura dhewe putrane Begawan Wiyasa lan Dewi Datri. Arya Yuyutsuh duwe sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya.
Dene ibune Yututsuh yaiku Dewi Padmarini. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina.

Wiwitane kulawarga Arya Widura milih meneng lan ora nemtokake sikep arep mbela Pandhawa apa Kurawa nalika perang Baratayuda arep pecah. Wusana Arya Yuyutsuh nemtokake sikep kang dadi katetepan batine sawise ngliwati laku batin kang abot.

Yuyutsuh netepake sikep milih mbela para Pandhawa. Yuyutsuh duwe panganggep, sawise ngliwati laku batin kang abot, yen para Pandhawa iku pehak sing ngugemi bebener. Dene Kurawa dadi mehak kang nerak wewaler, ora ngugemi bebener, kepara ngiwakake bebener.

Yuyutsuh nganggep para Pandhawa pancen dumunung ing kalungguhan kang bener ing bab cecongkrahan kalawan para Kurawa kanggo ngrebut panguwasa ing Krajan Astina. Miturut Yuyutsuh, Pandhawa iku kang duwe hak marisi panguwasaning Krajan Astina saka Prabu Pandudewanata, panguwasane krajan Astina kang sah.

Nalika Prabu Pandhudewanata surut ing kasedan jati, Pandhawa, para putrane pancen durung cukup dewasa yen dipasrahi tanggung jawab mimpin krajan Astina. Amarga iku banjur diracik Piagam Astina kang disekseni lan ditandhatangani dening kabeh pehak lan kabeh krabat sesepuh Astina. Continue reading

Pragota seneng guyon lan gojegan


pragoto_solo

Arya Pragota utawa Patih Pragota iku patihe Prabu Baladewa ing Krajan Mandura. Pragota nglenggahi jejering patih njaba. Sedulure Pragota yaiku Arya Prabawa kang ing wektu iku nglenggahi jejering patih njero.

Pawakane Patih Pragota iku gagah pideksa, mirip kaya Dursasana. Swarane bantas, seneng guyon lan gojegan, lan yen micara mesthi dipungkasi kanthi ngguyu lakak-lakak. Amarga sipate kang mangkono iku, Patih Pragota bisa ngimbangi sipate Prabu Baladewa kang gampang nesu.

Nalika dumadi paprangan, kridhane Pragota ing paprangan iku uga kayadene wong kang seneng-seneng, ora lali guyon lan gojegan lan tansah ngumbar esem lan ora kendhat gumuyu nalika ngadhepi mungsuh.
Yen katemben menang ing paprangan Pragota tansah ngguyu cekakakan sinambi jejogedan. Lan yen katemben kalah ing paprangan, dheweke uga ora sedhih. Kabeh dianggep lumrah lan sabanjure lumaku kanthi entheng.

Sadawane uripe Pragota tansah setya tuhu ngabdi marang Prabu Baladewa utawa Kakrasana ing krajan Mandura. Miturut crita ing jagad pedhalangan, Pragota iku anake Antagopa lan Nyai Sagopi. Continue reading

Kresna Duta


kresna_w_rondon_soloherjaka-krisnaherjaka-krisna6

Setelah selesai 12 tahun penderitaannya, Pendawa Lima dan Drupadi menetap di Wirata. Yudistira telah mengirim surat ke Pancala untuk memberitahu Prabu Drupada bahwa Drupadi dalam keadaan sehat di Wirata dan memohon kedatangannya karena Drupadi sangat rindu kepada orangtuanya.

Ketika Pendawa sedang berkumpul di istana bersama prabu Matsyapati, dari langit turun Gatotkaca yang mendengar berita bahwa Pendawa berada di Wirata. Kedatangan Gatotkaca seperti biasa disambut ayahnya yang berdiri diluar. Yudistira meminta Gatotkaca untuk mengundang kedatangan Sri Kresna. Gatotkaca segera melesat ke udara menuju Dwaraka. Di Dwaraka, Sri Kresna sedang berbincang dengan Subadra dan Abimanyu. Mereka berdua ingin berangkat ke Wirata untuk bertemu Arjuna namun oleh Sri Kresna disuruh menunggu undangan dulu dari Wirata karena Sri Kresna tahu bahwa Gatotkaca sedang dalam perjalanan untuk mengundang kedatangannya.

Ketika Gatotkaca tiba, Sri Kresna telah mengetahui niatnya. Subadra dan Abimanyu segera berangkat dengan kereta kuda yang sudah disiapkan Sri Kresna. Gatotkaca kemudian disuruh kembali ke Pringgondani karena dirinya juga mempunyai tanggung jawab yang besar. Setelah memberi instruksi kepada Sencaki sebagai pengganti Sri Kresna selama dirinya tidak ditempat, Sri Kresnapun melesat ke angkasa. Tak lama kemudian dirinya telah mengejar kereta kuda yang membawa Subadra dan Abimanyu. Mendekati Wirata, Sri Kresna melihat kereta kuda dari Pancala. Ketika sampai di Wirata, kedatangan Sri Kresna disambut oleh para Pendawa. Oleh Sri Kresna diceritakan bahwa kereta dari Pancala sedang mendekati Wirata sementara Subadra dan Abimanyu dalam perjalanan, Yudistira bersyukur karena Drupadi dapat segera bertemu dengan orangtuanya, sementara Arjuna bergembira karena dirinya kangen kepada Subadra dan Abimanyu.

Continue reading