Category Archives: Cerita Basa Jawa

Cerita wayang dalam Bahasa Jawa

Mahabarata, Partawiraya [12]


Anyarêngi lêlampahan punika, Sri Krêsna manggihi Pandhawa, badhe nyariyosakên sababipun dene botên martamu dhatêng Astina anyapih ingkang sami kasukan. Dèwi Drupadi matur sêsambat dhatêng Sri Krêsna. Kula sampun botên gadhah semah, anak, mitra, sadhèrèk tuwin bapa, ugi sampun kecalan paduka, dhuh pangrurahing madu, amargi sadaya wau, punapadene paduka sami manganiyaya, têka amung kèndêl kemawon.

Sri Krêsna mangimur-imur dhatêng Dèwi Drupadi, sarta pratela bilih Dèwi Drupadi badhe dados sorining narendra malih, tur narendra ingkang mangrèh para nata. Sawarga tamtu gumêlar wontên ing dunya, imawat pêcah, jagad sumyur, punapadene sagantên asat, manawi wicantên kula makatên wau botên kalêksanan. Babolèhipun Krêsna botên dados jalaraning kasabaranipun Drupadi, amargi Dèwi Drupadi malah lajêng nyariyosakên tindakipun Yudhisthira, nadyan Yudhisthira sampun minta pangaksama mênggah kalintunipun, ewadene taksih andadra kanêpsonipun, mila Yudhisthira lajêng amêdharakên piwulang luhur bab angêgungakên pangapuntên: manawa wong diunèni kang ora prayoga dening liyan, môngka banjur animbangi muni ala, manawa dicêcamah banjur malês nyênyamah, yèn wong diukum malês ngukum, yèn bapa milara sutane, suta milara bapake, yèn wong lanang matèni bojone, utawa wong wadon matèni priyane, o Krêsna, wong mau apa bisa olèh papan kanggo laire anèng ing dunya. Awit yèn kongsi kaduman papan, pialane mêsthi banjur saya andadra, mula sanadyan kaya apa bae wong gone anyênyamah, kudu kaapura.

Amarga sing sapa kang bisa ngalahake marang kanêpsone dhewe, yaiku wong wicaksana utawa linuwih, sanadyan kang anyênyamah apadene ngilês-ilês mau wong kang dosa. Apura paramarta iku brahma, apura iku kasunyatan, apura iku kalumpukaning panggawene paratapa, apura iku rahayu, mula dunya iki lêstari marga saka apura. Gêgamane para tapa kang dianggo angêyomi lêlakon kang bakal kalakon iku apura, dene apura iku tapabrata. Para wicaksana wajib angêgungake apura, amarga manawa bisa angapura marang sadhengah, iku têkan ing Brahma.

Ananging aturipun Drupadi malah sêmu runtik, sarta botên narimah dhatêng tataning darma. Anggènipun mratelakakên asêmu wêngis, dene Widhi andamêl dolanan dhatêng titahipun amung sakajêng-kajêngipun kemawon, kados lare alit anggènipun nyolahakên utawi angrisak dêdolananipun, punapa ta pigunanipun kasaenan, manawi tiyang sae sagêd kacêmplung ing kasangsaran, nanging tiyang awon manggih kasênêngan.

Dhawuh wangsulanipun Yudhisthira alus nanging aos: sira angluhurake têtêmbungan sarta surasa kang bêcik, ananging sira iku nganggêp kalèru marang Hyang Widhi, o, pramèswarining narendra, sadhengah kang ingsun sambut, ora pisan-pisan ingsun maèlu kadadèhane, mula dak sambut, marga anêtêpi wajib. Ingsun kurban, marga wajib ingsun kurban, ingsun anglakoni kabêcikan, ora marga saka kapengin ngundhuh wohing kabêcikan, ananging mung aja kongsi nêrak pêpacaking Wedha, sarta awèh têtuladan marang sing sapa kang bêcik lan wicaksana. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [11]


Bab V Tiga Wêlas Taun Salêbêtipun Kakendhangakên

Kêdah sami nyumêrêpi lêlampahanipun para Pandhawa kalayan garwanipun, salêbêtipun kalih wêlas taun wontên ing wana, tuwin anggènipun anjajah ing parêdèn, sarta salêbêting warsa anggènipun dêdunung wontên ing kitha kalayan manamur. Tiga wêlas taun anggènipun anandhang cobi tuwin anggung sêmang-sêmang. Lêlampahan punika kadamêl kalih parwa, inggih punika kalih wêlas taun sadangunipun wontên ing wana kawastanan: Wanaparwa, dene cariyos lêlampahanipun ing warsa nalika anamur warna, kacariyos wontên ing Wirathaparwa. Wiratha punika asmaning narendra, ingkang nagarinipun dinunungan dening Pandhawa sadangunipun manamur.

Wanaparwa angêwrat lêlampahan pintên-pintên, punika parwa sawingkingipun Santiparwa, kawontênanipun panjang sangêt, sayêktosipun Wanaparwa pantês kapundhi-pundhi, dene panjang tuwin kaèbêkan suraos. Ing ngriku nyariyosakên dongenganipun para rêsi ingkang manggihi para Pandhawa, dongenganipun wau prayogi kangge anggulawênthah, tuwin amulang Pandhawa sadangunipun nandhang papa ing pambucalan. Tamtu tiyang ngrêtos, nanging sasêlaning pakaryanipun kêdah kawaos piyambak. Ing Wanaparwa jêngandika badhe priksa dhatêng lêlampahanipun sang tama, satunggaling awatara, inggih ratuning dewa. Sarta lêlampahanipun Sawitri, ingkang amargi saking bêkti saha juliging pambudinipun, ngantos sagêd angluwari priyanipun saking bêbaya agêng. Punika dongèng ingkang anêngsêmakên sangêt, punapadene babatipun Prabu Nala kalihan garwanipun ingkang akêkasih Dewi Damajanti, tuwin kasangsaranipun ingkang amargi anggènipun rêmên kasukan.

Dados para Pandhawa salêbêtipun wontên pambucalan angsal pitêdah pintên-pintên. Makatên ugi jêngandika inggih badhe manggih sêsêrêpan pintên-pintên, manawi jêngandika karsa mriksani lêlampahanipun para Pandhawa ingkang kawursita ing Wanaparwa wau.

Angkatipun para Pandhawa saking Astinapura, kathahing tiyang ingkang sami andhèrèkakên tanpa wicalan, awit sêdyanipun langkung prayogi andhèrèk dhatêng pambucalan tinimbang kantun wontên ing Ngastina, kaparentah dening Duryudana. Tiyang sami mungêl bilih rêmên dados kanthining kasaenan tinimbang piawon, amargi tiyang ingkang ambiyantu adil, punika sampun anglampahi pitêdahing agami, nanging sintên ingkang atut wuntat tiyang candhala, badhe suda-suda kasaenanipun. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [10]


Dèwi Krêsna taksih lêstantun anggènipun karuna, tuwin botên wontên ingkang mitulungi. Karna mangatak ing Dusasana supados ambêkta Drupadi dhatêng pêngkêran. Dusasana wiwit anglarak malih dhatêng Drupadi, mila Drupadi nolèh manganan-ngering sarwi sêsambat. Ing nalika wau Duryudana rewa-rewa sagah dhatêng Drupadi, manawi Drupadi badhe kawangsulakên dhatêng priyanipun malih, bilih purun wicantên manawi Yudhisthira ingkang setya tuhu punika, sayêktosipun tiyang ingkang rêmên cidra. Bilih purun makatên Drupadi badhe kaluwaran saking anggènipun dados tiyang tumbasan, punapadene putranipun Hyang Darma ingkang salami-laminipun kukuh dhatêng kasaenan, ngantos kados Sang Hyang Endra, punika samangke sampun sanès gustinipun, ing nalika wau Wrêkudara ambêngok kalihan tanganipun kaobat-abitakên, ucapipun: Prabu Yudhisthira iku nyata adil, sarta sêsêmbahan kang sajati. Panjênêngane iku gustiku ing atase agama utawa kasutapanku, uga gustining uripku: manawi panjênêngane mau kaboyong, aku kabèh iya padha dadi boyongan.

Karna anyênyamah dhatêng Drupadi, sarana amurih Drupadi padosa tiyang jalêr sanèsipun, ingkang botên nyabapakên piyambakipun (Drupadi) dados tiyang tumbasan, amargi kangge totohan anggènipun ngabotohan. Saking mituhu dhatêng dhawahipun kang raka, sarta binônda dening kawajiban tuwin kasaenan, mila Bima lajêng andhingkluk sarwi angunjal napas kabêkta saking sangêt risaking manahipun, thêngêr-thêngêr kadi rêcaning tiyang nawung prihatos. Duryudana amêksa Drupadi supados tumuntên mangsuli. Sarta anggènipun nêdya adamêl murih saya sangêt risaking manahipun Bima, Duryudana nêmaha ngatingalakên anggènipun anjêjawat dhatêng Drupadi. Inggih punika cêthikipun kiwa kadhêsêkakên dhatêng lambungipun Drupadi. Kalayan sangêt nêpsu Bima wicantên sora: muga aku aja bisa angidak dalaning lêluhurku, yèn aku ora angrêmuk cêthikmu kiwa, anèng paprangan kang bakal kalakon. Punika prasêtyanipun Bima kaping kalihipun.

Wasana lajêng tinimbalan dening Prabu Drêtarastra, ingkang badhe adamêl ruwating prihatos. Sang prabu ngandika kalihan têmbung pangimur-imur, Drupadi kalihan gadhah panyuwun, punapa ingkang sang prabu sagêd, mêsthi badhe dipun parêngakên. Mila Drupadi lajêng nyuwun luwaripun Yudhisthira, murih anakipun jalêr sampun sinêbut anakipun tiyang tumbasan, sang prabu marêngakên, lajêng kadhawuhan nyuwun sanèsipun malih, Drupadi nyuwun luwaripun para kadang sak-dêdamêlipun, punika ugi kaparêng. Sarta kadhawuhan nyuwun malih, nanging Dèwi Drupadi matur manawi sampun botên gadhah panyuwunan sanèsipun, amargi luwaring priyanipun punika sampun kaanggêp kacêkap sadaya kabêtahanipun. Ingkang makatên lêrês sangêt, ngantos Karna wicantên: Drupadi iku prau kang angêmot Pandhawa marang pagisikan saka gone kêlêb ing samodraning kasangsaran. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [9]


Ingkang kasukan sami taksih lêstantun, Yudhisthira angêtohakên sadaya kêkantunaning rajabrananipun, ngantos tanpa petangan, ewadene mêksa kawon malih. Sadaya raja darbèkipun Yudhisthira, kados ta: kawulanipun, nayakanipun, tuwin kaprabonipun sampun botên wontên ingkang kantun, punapa malih gadhahanipun ingkang kenging katotohakên, môngka bêntèring tiyang kawon ngabotohan tansah angrubeda, amung supêkêting kêkadangan ingkang dèrèng risak, dados Yudhisthira dèrèng katêlasan babar pisan. Kadospundi wicantênipun ingkang kalair ing lathinipun ingkang pucêt: samêngko Si Nangkula kang linuwih karosane, sarta kêndêl, iku uga darbèkku.

Wêkasan lajêng kamirêng malih bêngokipun Sangkuni, samêngko Nangkula uga wus dadi wongku. Supêkêting pasadhèrèkan ingkang sukci punika sampun risak, botên watawis dangu ugi lajêng bibar, amargi Sahadewa lajêng katohakên, punapadene Arjuna, guruning jêmparing, sarta Bima ingkang pilih tandhing, ananging ugi kawon. Sangkuni wicantên sêmu angerang-erang, punapa taksih kagungan punapa-punapa ingkang kenging kangge totohan, ing ngriku Yudhisthira lajêng angêtohakên sariranipun, nanging ugi kawon malih. Dados sakadang warga sadaya botên amung sangêt kasarakat kemawon, ananging ugi kawirangan, amargi satriya ngantos kalampahan dados tiyang tumbasaning mêngsahipun, têtela bilih asoripun sampun tanpa upami, dhawahipun sampun botên sagêd tangi malih: punapa ta kasangsaran sanèsipun ingkang badhe dhumawah malih.

Salêbêtipun sadaya sami kèndêl, ing ngriku kamirêng suwaranipun Sangkuni ingkang sakeca kêdaling pamicaranipun. O: Prabu Yudhisthira, taksih wontên sanèsipun, ingkang dèrèng jêngandika kawonakên, inggih punika: Drupadi, putri ing Pancala, dununging katrêsnan andika, suwawi katotohna, kangge sarana luwaring jêngandika. Amargi sangking pangerang-erang, narendra ingkang santosa wau, lajêng èngêt dhatêng gênging kasangsaran, ingkang tuwuh saking kobongipun tiyang kawon ngabotohan, cipta kados punapa ingkang makarti ing dêmakipun manawi mirêng namining katrêsnanipun kaungêlakên dening tukang begal.

Krêsna (Dèwi Drupadi) dununging katrêsnan, Krêsna ingkang sihipun dhatêng sariranipun kalayan sêtya tuhu. Krêsna ingkang linangkung kawicaksananipun, kalampahan sagêd mangrèh ing salêbêting dhatulayanipun, Krêsna mêmanik ingkang dumunung ing têlênging batos, sarta ibuning sutanipun jalêr misuwur tuwin luhur bangsanipun, ngantos kalampahan dipun totohakên. Kamirêngna panglinggamurdanipun ingkang kawêdhar wontên ing lathinipun Yudhisthira katingal gumêtêr: mêsthine iya kalah manèh dening dhèwèke, ananging iku wus ora beda karo panggawene, para satriya apadene ratu, yèn umangsah prang, mêsthi kongsi sapatine. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [8]


Kalampahanipun Prabu Sangkuni ingkang julig punika matur makatên, amung saking wêlasipun dhatêng putra kapenakan, Gandara lajêng marêk ing ngarsanipun Prabu Dritarastra, angaturakên ngênêsing manahipun Duryudana. Sang prabu lajêng animbali Duryudana, pangandikanipun, supados Duryudana sampun anglajêngakên sêdyanipun ingkang kirang prayogi wau. Ananging Duryudana ingkang sangêt wangkalipun sampun botên keguh, atur wangsulanipun, bilih piyambakipun rumaos kasoran kasugihan tuwin kaluhuranipun, môngka Sangkuni mrayogèkakên, raja darbèking Pandhawa sagêdipun ngawonakên sarana ngabotohan. Prabu Drêtarastra botên sagêd angidèni panyuwunipun Duryudana, sadèrèngipun atêtarosan rumiyin kalihan Widura, mila lajêng utusan animbali kang rayi.

Aturipun Duryudana: manawi kang rama botên amarêngakên, piyambakipun badhe anganyut tuwuh, sarta lajêng pratela: manawi kula sampun pêjah, sang prabu, paduka badhe mukti kalihan paman Widura. Sarêng Widura dhatêng Prabu Dritarastra dhawuh, manawi karsanipun badhe angintunakên panantang, dene ingkang piniji kautus dhatêng Pandhawa Widura. Widura kalayan risaking manahipun nêdya pamitan dhatêng Bisma. Ing nalika punika Prabu Dritarastra angarih-arih ingkang putra malih, supados anyandèkna pikajêngipun. Nanging Duryudana puguh, matur kados punapa kasugihanipun tuwin luhuripun Pandhawa, mila piyambakipun sangêt kapengin dhatêng sadaya isèn-isèning kadhaton ingkang sakalangkung anèh punika.

Pangandikanipun kang rama: o, gèr, aja amèrèkake Pandhawa, marga sing sapa mèrèn iku salawas-lawase ora tau bêgja, lan tansah sangsara kaya wong kang kalah prang. Adhuh putraningsun, melik marang darbèking liyan iku watak asor, kosok baline: sing sapa kang narima sadarbèke dhewe, iku nugraha. Sanadyan kang rama sangêt mambêngi, amargi kagalih kirang prayogi kadadosanipun, ewadene Duryudana lêstantun kêncêng pangangkahipun, minôngka lintuning rinêbat prang, inggih punika rinêbat sarana dhadhu. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [7]


Manawi tiyang maos Sêrat Mahabarata sabên-sabên tamtu lajêng èngêt dhatêng kasugihanipun praja Hindhu ing jaman kina, inggih punika nalika kawruh agami taksih kamanah parlu piyambak, dene prakawis kadunyan kadamêl ôngka kalih. Sarêng pamanahipun dhatêng prakawis kasuksman kêndho, Hindhu lajêng lêsu, ngantos dados boyonganipun ingkang angawonakên, wusana rajabrananipun kasumêrêpan, sarta lajêng sumêbar. Kita asring priksa griya tembok agêng tur sakalangkung sae, pinasangan candhela pintên-pintên ingkang inêbipun karêngga-rêngga ing kancana, kamar nglêbêt tinêpi ing motyara, undhak-undhakanipun katutup ing babut prangwêdani.

Ing antawisipun rajabrana agêng ingkang dipun kalêmpakakên dening Prabu Yudhisthira, botên amung sêsotya nawarêtna ingkang sakalangkung kathah kemawon, ananging ugi pintên-pintên têkên tuwin gada jêne, sabên ingkang cêpênganipun saking gadhing tinrètès ing intên jumêrut, punapadene wadhahing dêdamêl, rata paprangan, sakalangkung adi. Singêp ingkang saking rambut, pangangge ingkang saking pita tuwin sutra, prangwadani ingkang panjang sarta endah, pasarean sae-sae, ingkang dipun karodhong dening tênunan kasulam ing renda, sutra, gôndawida tuwin kajêng candhana. Tuwin malih maèwu-èwu dipôngga, kapal, kuldi, tuwin kemar samêkta dalasan kêkapa sarta palananipun.

Ing pundi-pundi tiyang priksa wêwarnèn ingkang anêngsêmakên sarta adi-adi. Botên wontên sanèsipun ingkang langkung cêtha anggènipun anêdahakên luhuring kagunan saha kawruhipun tiyang Hindhu kina, kasugihanipun ingkang tanpa petangan, sarta gêmah ripahipun, kajawi cariyos pamiwahan agêng ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata tuwin Ramayana. Tuwin malih ing ngriku ugi nyariyosakên tata raharja sarta gêmah ripahing nagari. Dipun cariyosakên pintên-pintên griya agêng panggènaning andhasarakên pintên-pintên sawarnining dêdagangan, suyasanipun para luhur ingkang rinêngga-rêngga sakalangkung asri. Nugrahaning Pangeran ingkang kapatêdhakakên inggih punika agami, bêkti, têtêping wajib, tuwin kasaenan, gunggunganipun sawarnining kasaenan pinanggih wontên ing ngriku, punapadene sagunging bôndha. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [6]


Maharêsi Naradha rawuh, ing nalika para Pandhawa priksa sang maharêsi tumêdhak, enggal sami amapagakên. Anggènipun angurmati sarana tataning kasusilan ingkang kacariyos ing ngriki, inggih punika para Pandhawa sumungkêm ing siti, lajêng tata lênggah. Ing ngriku Rêsi Naradha andangu dhatêng sêsêpuhing Pandhawa sêmu karênan, wigatos badhe anguningani punapa Prabu Yudhisthira sampun anêtêpi wajib ingkang dados jêjibahanipun. Miturut piwulang Hindhu, ratu punika jumênêngipun, ingkang anêtêpakên para dewa. Kuwajibaning nata sakalangkung awrat, sarta kêdah ananggêl sêsanggêmanipun, tumrap pakaryan ingkang botên wontên sampunipun, inggih punika angêgungakên bakti. Bilih ratunipun sae, sadaya ingkang tumrap dhatêng praja miwah têtiyanganipun saèstu prayogi. Têmbe ugi badhe mirêng pangandikanipun Sang Bisma, prakawis kawajibaning narendra. Ing ngriki Maharsi Naradha andangu prakawis punika dhatêng Yudhisthira, punapa Yudhisthira anggènipun anglampahi kawajiban dhatêng agami sampun tinêtêpan, lêrêmipun sampun samêsthining wancinipun, punapa Yudhisthira anggènipun amilih nayaka sampun pratitis, sarta ajêg pamblanjanipun dhatêng wadyabala. Punapa Yudhisthira sampun angayomi lare-lare ingkang tinilar pêjah tiyang sêpuhipun, amargi nglabêti nagari, punapadene dhatêng randhanipun, sarta punapa sampun paring pangayoman dhatêng mêngsahipun ingkang sampun nungkul.

Punapa Yudhisthira marêngakên tiyang sami marêk, dados sabên tiyang botên ajrih pinanggih, kados anak pinanggih tiyang sêpuhipun. Punapa wêdaling waragad sawawrat, sapêrtigan, utawi sapalihing pamêdal. Punapa kabêtahanipun para among tani sampun kacêkap, punapa anggènipun angwontênakên wadhuk toya tuwin talaga sampun anyêkapi kathahipun, dados among tani botên kapêksa angêntosi toya jawah. Punapa tiyang padhusunan sampun botên kêkirangan wiji miwah têdha. Punapa Yudhisthira sampun anyambuti winih, sarta aniti manawi amongtani sarta ingkang sami nangkarakên rajakaya kêdah kawarah ngantos dados amongtani saha juru nangkarakên ingkang pratitis. Tuwin punapa Yudhisthira botên nate anêrak adil, ingkang amargi saking pamêksaning watak cêthil, piawon tuwin kumaluhur. Punapa wontên pamiwahaning para narapraja ingkang sarana rêruba. Punapa Yudhisthira sampun anitipriksa bilih anggènipun angindhakakên paos punika sampun adil yêktos, punapa anggènipun paring epahan utawi bôndha dhatêng para undhagi punika botên langkah saking 4 wulan. Punapa Yudhisthira sampun angayomi prajanipun saking saliring bêbaya, punapadene ratu kawajiban dados bapakipun tiyang wuta, tiyang lempoh, tiyang bisu, tiyang lola, tuwin para ngulandara. Punapa Yudhisthira sampun anyingkiri dosa nêm prakawis, inggih punika: doyan tilêm, nganggur, jêrih, butêng, ngêsèt, tuwin tanpa kêkêncêngan. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [5]


Paprangan Agêng

Bab IV Kadospundi kêmpaling mêndhung kalihan prahara.

Samangke dumugi babagan kaping kalih saking Sêrat Mahabarata, ing ngriku nyariyosakên tigang lampahan ingkang lajêng dipun namèkakên Sabaparwa.

Jêngandika saèstunipun taksih sami kèngêtan, bilih nalikanipun wana Kandhawa kabêsmi, wontên satunggaling danawa nama Maya ingkang mèh katut kabêsmi. Amargi saking gênging panuwunipun dhatêng Arjuna, dene dipun pitulungi, danawa wau nêdya amalês kasaenanipun Arjuna. Ananging Arjuna botên karsa anampèni, wangsulanipun Arjuna botên adamêl sêriking manahipun danawa wau, sarta kados sacaraning kaprabon. Wêkdal Maya dhêlêg-dhêlêg mirêng wangsulanipun Arjuna, lajêng dipun dhawuhi supados Maya angaturana tandhaning panuwunipun dhatêng Sri Krêsna. Maya matur bilih kêpengin misungsung dhatêng panjênênganipun, Kesawa kèndêl sakêdhap, wêkasan ngandika, prayoginipun Maya ngaturana para undhagi, badhe kadhawuhan ngiyasakakên kadhatonipun Yudhisthira. Maya matur sandika, lajêng dhatêng kitha Indraprastha angukur pasitèn, ingkang badhe kaadêgan kadhaton.

Wêkdal samantên Sri Krêsna kundur dhatêng prajanipun. Suwawi sami angraosakên sakêdhap bêktinipun Sri Krêsna dhatêng para sêpuh. Panjênênganipun wau têtela dewa angejawantah, ewadene nalika pamitan dhatêng Arjuna, mawi mitungkas, supados Arjuna ngaturakên sêmbahipun dhatêng Dèwi Kunthi tuwin para brahmana, sarta taklimipun dhatêng Yudhisthira sarta Bima, amargi kalihipun punika langkung sêpuh tinimbang sariranipun. Wontên ing dêdongengan sanèsipun, kula manggih cêcriyosan, awit saking karsanipun piyambak, Sri Krêsna kêparêng amijiki sampeyanipun para brahmana. Sri Krêsna botên pisan-pisan kêparêng angungasakên manawi suksmanipun sanyata luhur, asarana botên angraosakên dhatêng pangaji-aji. Kosok-wangsulipun, Sri Krêsna têtêp ing kawajiban angaosi dhatêng sintêna ingkang kuwadhaganipun langkung sêpuh saking sariranipun, karsanipun ingkang makatên dadosa tuladaning akathah.

Maya matur dhatêng Pandhawa, bilih piyambakipun mêntas adamêl sêsaji kalihan para danawa wontên ing talaga Windu, angsal sêsotya sakalangkung kathah, punapadene manggih gada satunggal wontên ing talaga wau, gêgadhuhanipun ratuning danawa, sarta thothokipun Hyang Baruna, nama Dewadata. Pangangkahipun gada kaaturakên dhatêng Bima, thothok dhatêng Arjuna, sêsotya nawarêtna kangge waragad anggènipun badhe angêdêgakên kadhaton ing Indraprastha. Mila temboking kadhaton kadamêl saking jêne, makatên ugi gapuranipun, sami kaukir sêsêkaran sakalangkung alus, ing prênahing sêkar tuwin wohipun sami kadèkèkan sêsotya miwah jumêrut, katingal pating pancurat anyandhik ayu. Sêla-sêlaning patamanan kadèkèkan balumbang ingkang tinêpi ing marmêr, tinrètès ing mutyara, sarta kadekekan undhak-undhakan kristal, ing têngahing balumbang katanêman tunjung môncawarna, kaingahan maliwis sarta pêksi toya sanès-sanèsipun. Salêbêtipun kawanwêlas côndra, kadhaton ingkang tanpa timbang adinipun wau sampun paripurna, Pandhawa lajêng adamêl rajasuya [sêsaji adêging karaton] para narendra môncapraja sami kaaturan, bab kapisan punika kacariyos wontên ing parwa punika.

Maharêsi Naradha rawuh, ing nalika para Pandhawa priksa sang maharêsi tumêdhak, enggal sami amapagakên. Anggènipun angurmati sarana tataning kasusilan ingkang kacariyos ing ngriki, inggih punika para Pandhawa sumungkêm ing siti, lajêng tata lênggah. Ing ngriku Rêsi Naradha andangu dhatêng sêsêpuhing Pandhawa sêmu karênan, wigatos badhe anguningani punapa Prabu Yudhisthira sampun anêtêpi wajib ingkang dados jêjibahanipun. Miturut piwulang Hindhu, ratu punika jumênêngipun, ingkang anêtêpakên para dewa. Kuwajibaning nata sakalangkung awrat, sarta kêdah ananggêl sêsanggêmanipun, tumrap pakaryan ingkang botên wontên sampunipun, inggih punika angêgungakên bakti. Bilih ratunipun sae, sadaya ingkang tumrap dhatêng praja miwah têtiyanganipun saèstu prayogi. Têmbe ugi badhe mirêng pangandikanipun Sang Bisma, prakawis kawajibaning narendra. Ing ngriki Maharsi Naradha andangu prakawis punika dhatêng Yudhisthira, punapa Yudhisthira anggènipun anglampahi kawajiban dhatêng agami sampun tinêtêpan, lêrêmipun sampun samêsthining wancinipun, punapa Yudhisthira anggènipun amilih nayaka sampun pratitis, sarta ajêg pamblanjanipun dhatêng wadyabala. Punapa Yudhisthira sampun angayomi lare-lare ingkang tinilar pêjah tiyang sêpuhipun, amargi nglabêti nagari, punapadene dhatêng randhanipun, sarta punapa sampun paring pangayoman.

Mahabarata, Partawiraya [4]


Bab III Anggènipun Para Pandhawa Andon Lêlana Miwah Kalangkunganipun.

Sarêng sampun diwasa, sarta rajaputra wau kawistara bilih sudira ing rananggana, saking kaparêngipun Prabu Dritarastra, Yudhisthira ginadhang badhe kagêntosakên, anggènipun misudha dhatêng Yudhisthira wau mawi sêrat kêkancingan, kados ing ngandhap punika: marga saka kapintêrane, kasabarane,bêcik lan ngêblake atine, sarta marga saka luhure ambêke, mula sun gadhang bakal gumanti.

Botên antawis dangu saking anggènipun winiwaha, Yudhisthira sutanipun Dèwi Kunthi, tansah kaayoman dening utamining pambêkanipun, mila lampah-lampah anggènipun anindakakên pandamêlan sarta titinipun dhatêng kawajiban kados kang rama. Dene para kadang sami marsudi kalangkungan, sarta ngangkah badhe amiyarakên jajahan, ananging kakêndêlanipun para Pandhawa wau anêwahakên sumêlangipun Prabu Dritarastra, ngantos botên sagêd sare, lajêng nêdya anandukakên piawon

Para putranipun Pandhu sami sugih, tiyang isining praja Astina sami sih, sarta angaji-aji, dene para ari sakawan pisan sakalangkung bêkti dhatêng kadangipun sêpuh, ngantos Prabu Dritarastra rumaos, bilih sariranipun punapadene para putranipun sami kasingkur, pramila lajêng animbali satunggaling nayaka nama Kanika, kapundhutan pamrayogi. Minôngka atur wangsulanipun Kanika, nyariyosakên dêdongengan ingkang pratitis sangêt, nanging sakalangkung anggêgirisi. Cariyosipun: ing nguni wontên satunggaling sagawon ajak, manggèn wontên ing wana tatunggilan kalihan mitranipun sakawan: tikus, blacan, gogor tuwin sima. Ing satunggaling dintên sêgawon ajak wau kapengin amôngsa daginging kidang ingkang pinuju lumajêng ing sacêlakipun, mila lajêng sanjang dhatêng tikus, manawi kidang pinuju tilêm lajêng kakrikitana tracakipun, dene manawi sampun rencok lajêng katubruka dening sima. Sasampunipun kalampahan makatên, sadaya lajêng sami badhe adus, sêgawon ajag kapurih têngga bathanging kidang. Kacariyos ingkang rumiyin piyambak wangsulanipun sima, ing ngriku lajêng dipun pakakakên dening sagawon ajak kalihan pratela, manawi têtelanipun ingkang sagêd nangsaya rumiyin dhatêng kidang punika pun tikus, dados sima punika angsalipun têdha saking pitulunganipun tikus. Sima katêtangi piyangkuhipun, mila lajêng kesah prêlu badhe ngupaya mangsan ingkang botên saking pitulunganing liyan. Sapêngkêripun sima, pun tikus dhatêng, sagawon ajag pratela supados lajêng kesah, amargi blacan raosan badhe nêdha dhatêng piyambakipun. Gogor lajêng kesah amargi dipun cariyosi bilih sima ngincim-incim piyambakipun, dene blacan ugi lajêng sumingkir sarêng sagawon ajag pratela manawi piyambakipun mêntas pôncakara kalihan katiganipun wau, sarta sampun manggih unggul. Sasampunipun para mitra sakawan sami kesah sadaya, sagawon ajak sênêng manahipun kalihan môngsa ulaming kidang. Kanika matur: dados para raja, kêdah anyirnakakên mêngsahipun satunggal-satunggal, sarana limpating pambudi pundi ingkang sakintên dados pangapêsaning sadaya mêngsahipun.

Sang Duryudana ugi sakalangkung rêkaos panggalihipun sabên mirêng ucapipun tiyang ing praja Ngastina, mangalêmbana dhatêng Yudhisthira, sarta ngajêng-ajêng jumênêngipun, mila Duryudana marêk ingkang rama, matur manawi makuthaning kaprabon saèstu badhe dhawah têdhakipun Pandhu, bilih sang prabu ngantos kabêsturon. Panyuwunipun: pukulun, para Pandhawa kabucala dhatêng nagari Waranamarta, sarana lampah ingkang rêmit. Manawi pusaraning kaprabon sampun kula cêpêng, Kunthi dalasan anak-anakipun dipun timbalana wangsul, sang prabu botên angsal dhadhakan anggènipun badhe midana dhatêng para Pandhawa, pramila amung lajêng dhawuh dhatêng para Pandhawa supados sami angèstrèni pasamuwaning agami anggènipun angluhurakên dhatêng Sang Hyang Siwah. Sanadyan sajatosipun botên dados manahipun, ananging sakalangkung ajrih, mila para Pandhawa lajêng matur sandika. Duryudana, Karna, Dursasana, sami prasêtya akêkadangan, sarta paring arta dhatêng Purocana, supados Purocana adamêla suyasa ing Waranamarta, nanging kadamêl saking duk kacarub kalihan lak sarta sanès-sanèsipun ingkang gampil murubipun. Pangangkahipun, manawi Kunthi kalihan para putranipun sampun manggèn ing suyasa wau, lajêng nêdya kabêsmi, dados lajêng sami sirna dening latu.

Nalika para Pandhawa badhe pangkat dhatêng Waranamarta, tiyang ing praja Ngastina kathah ingkang sami gondhèli, sarta nglairakên botên narimahipun, dene para rajaputra wau kadhawahan dhatêng ing Waranamarta. Ananging Yudhisthira angèngêtakên bilih sang prabu punika sudarmanipun ingkang sangêt kapundhi-pundhi, gurunipun tuwin ratunipun, mila tiyang-tiyang wau sami narimaa kemawon, sanadyan kados punapa ingkang kêdah linampahan, awit punika kawajibanipun ingkang agêng piyambak. Sadaya sami kadhawahan mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak kalihan sênênging manahipun. Nalika para Pandhawa pangkat, Sang Widura dhawah dhatêng Yudhisthira, nanging pangandikanipun sarana basa mleca, supados sampun wontên tiyang mangrêtos. Suraosipun pêpèngêt supados para Pandhawa sampun ngantos sikêp dêdamêl ingkang kadamêl saking waja, dados kalis saking bêbaya latu, sarta manawi adamêl pakuwon, dipun kados êronging sêgawon ajag. Pikajêngipun dipun kathahana kontênipun, sarta anamatna sakathahing margi ing sakiwa têngêning pakuwon, Yudhisthira botên kasamaran dhatêng dhawuhipun Widura, mila ing nalika Purocana ngaturakên pakuwon ingkang sakalangkung asri, ugi lajêng dipun tampèni. Ananging sabên dintên para Pandhawa sami bêbêdhag, wigatos amung badhe amaspadakakên sakathahing margi ing salêbêting wana. Kalihan adhêdhêmitan para Pandhawa dhawah dhatêng tiyang juru mêlik, kintunan saking Widura, supados kamar pasareanipun dipun landhaka ngantos dumugi têngahing wana sacêlaking pakuwon. Continue reading

Mahabarata, Partawiraya [3]


Mahabarata Jilid 2

Satunggaling dintên Prabu Pandhu kasupèn dhatêng soting kidang, angungrum garwa panênggak badhe pinondhong, dêrênging karsanipun botên kenging dipun sayuti, katêmahan lajêng seda. Dèwi Madri kalara-lara anangisi ing sacêlaking layon, Kunthi enggal marêpêki. Garwa kêkalih lajêng rêbatan badhe ngatingalakên kasêtyanipun, labuh palastra tumuntur ing priyanipun, wêkasanipun Madri ingkang mênang, kêdah bela, amargi sedanipun punika piyambakipun ingkang rinangkul, sanalika wau lajêng angèsthi palastra, dene putranipun kêkalih, Kunthi ingkang kajibah anggulawênthah, sarta pangrêngkuhipun Dèwi Kunthi botên beda kalihan para putranipun piyambak, nalika wau kathah para rêsi ingkang sami dhatêng, lajêng angiringakên Kunthi kalihan para putra gangsal dhatêng Astinapura, kapasrahakên dhatêng Dritarastra tuwin Sang Bisma, punapadene ing Astinapura lajêng adamêl sêsaji saupakartining pamiwahan sedanipun Prabu Pandhu.

Anyarêngi lêlampahan ing nginggil, Dritarastra anugrahani dhatêng garwanipun, saking dayaning nugraha, Dèwi Gandari lajêng apêputra satus, kalihan putri satunggal, ingkang pambajêng sinung nama Duryudana, miyosipun nunggil sadintên kalihan Bima. Ing dintên wau kathah cipta sasmitaning piawon kadosta: prahara agêng, griya kabêsmi, sima, andaka, sagawon ajag, tuwin sanès-sanèsipun bangsaning kewan wana ingkang sami kêrah sarta ambaung. Amargi bilih tiyang runtut gêsangipun kalihan kodrat kang asor-asor tamtu bingah, nanging nangis manawi manungsa kataman panandhang. Bayi ingkang nêmbe lair punika tinakdir badhe dados pangrisaking kulawarganipun, nanging Dritarastra botên sagêd kawêdal pêpèngêtipun amargi panjênênganipun sakalangkung sih dhatêng putra, mila tansah kaugung, têmahan adamêl prihatos tuwin kapitunanipun, kasupèn bilih panjênênganipun wau narendra, kawajiban rumêksa ing tiyang sanagari, tuwin minôngka sudarmanipun tiyang ingkang sami wontên ing wêwêngkonipun.

Lairipun Duryudana punika kangge sarananing para dewa, anggènipun badhe anggêlar piwulang luhur dhatêng ing dunya, inggih punika tumrap sawarnining prakawis ingkang sampun winangun dening watakipun ing gêsang ingkang sampun kapêngkêr. Duryudana linangkung karosanipun, kêndêl tuwin limpat dhatêng agami, sarta kathah pambudidayanipun kangge kawajibaning kaprabonipun, ananging panjênênganipun wau sakalangkung murka, pangajêng-ajêngipun: aku bisaa linuwih, aku kapengin dadi ratu, pangarêp-arêpku kabèh iku kawêngkua dening aku. Makatên wau pangajapipun, mila sabên wontên tiyang ingkang angungkuli sariranipun lajêng rumaos sangsara, kabêkta saking hardanipun, makatên punika kalêpatan ingkang sampun linampahan, jalaran Yudhisthira punika langkung sêpuh tinimbang Duryudana, pramila Yudhisthira ingkang katêtêpakên pangran dipati, ewadene Duryudana ugi kaanggêp gadhah warisan kaprabon. Continue reading