Category Archives: Cerita Basa Jawa

Cerita wayang dalam Bahasa Jawa

Wisanggeni lair wujud geni lan menjila dadi satriya pinunjul


wisanggeni_solodresanala_solo

Wisanggeni iku anake Arjuna lan Dewi Dresanala. Dewi Dresanala iku anake Bathara Brahma. Arjuna duwe sisihan Dewi Dresnala nalika Arjuna dadi raja ing Kaindran, jejuluk Prabu Kiritin.

Arjuna bisa jumeneng dadi raja ing Kaindran amarga antuk kanugrahan saka dewa sawise kasil ngalahake Prabu Niwatakawaca, raja ditya sing sekti mandraguna saka nagara Imaimantaka.

Wisanggeni lair saka guwa garbane Dewi Dresanala wujud geni, sabanjure malih lan ngrembaka dadi satriya sing pinunjul. Wisanggeni dadi satriya sing pinunjul kapinterane, kawegigane lan kasektene.

Wisanggeni uga kondhang minangka wayang sing mbranyak, raine bagus nanging sakmadya banget anggone nyenyandhang. Marang sapa wae Wisanggeni tansah mungkak krama utawa caturan tanpa nggunakake basa krama sing alus.

Continue reading

Brajadenta nyawiji kalawan ragane Gathotkaca


brajadenta_solo_gathutkaca_solo

Brajadenta iku anake nomer telu Prabu Arimbaka. Dadi Brajadenta iku ora liya adhine Prabu Arimba lan Dewi Arimbi saka Pringgadani. Tembung Brajadenta ateges sanjata saka gadhing.

Brajadenta kerep makili Dewi Arimbi mimpin krajan Pringgadani, amarga mbakyune sing nglenggahi jejering ratu iku kerep dedunung ing Jodhipati ngampingi sisihane, Bima utawa Werkudara.

Dewi Arimbi dhewe yaiku anake Prabu Arimbaka, raja nagara Pringgadani. Saksurute Prabu Arimba, dheweke nglintir kalungguhan nata ing Pringgadani.

Gumantine raja ing Pringgadani iku ditemtokake tumrap pangeran pati miturut sarasilah kulawarga sing tuwa dhewe. Amarga kuwajibane dadi prameswarine Bima, mula Dewi Arimbi kerep ngampingi Bima ing Jodhipati lan masrahake panguwasane krajan Pringgadani marang Brajadenta.

Dewi Arimbi duwe kasekten bisa njilma saka wujud asline raseksa dadi putri sing sulistya ing warna. Kasekten iki kababar sepisanan nalika Arimbi sapatemon kalawan Bima.

Pungkasan uripe, Arimbi mati ing satengahing perang Baratayuda amarga mbelani anake, Gathotkaca sing gugur minangka senapati Pandhawa dening Adipati Karna. Wandane Dewi Arimbi iku Cicir.

Continue reading

Wahmuka lan Arimuka sedulur kakang kawah adhi ari-ari


wahmukaarimuka_solo

Ditya Wahmuka ora bisa dipisahake kalawan Ditya Arimuka. Kekarone awujud raseksa kembar sing riwayat asal-usule siji.

Kekarone metu ing lakon Alap-alapan Triputri, yaiku kedadeyan nalika ana putri telu kembar arep ningkahan bareng. Telu putri kasebut yaiku Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.

Ditya Wahmuka lan Ditya Arimuka dadi pasanggiri nagara Pandansurat. Saksapaa sing bisa ngalahake raseksa kembar iki bakal bisa mboyong putri kembar telu, ya Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.

Patembayan kasebut kasil narik kawigatene para raja lan satriya sing rata-rata pancen padha kapencut marang kasulistyane putri telu kembar kasebut.

Continue reading

Dewi Erawati, sisihane Kakrasana sing ora cawe-cawe


erawati_solo

Dewi Erawati iku anak mbarepe Prabu Salya, raja nagara Mandaraka. Ibune Dewi Erawati jenenge Dewi Setyawati utawa Dewi Pujawati, anake wadon Begawan Bagaspati, pandhita raseksa ing pertapan Hargabelah.

Miturut sarasilah Parisawuli, Dewi Erawati duwe papat sedulur tunggal bapa biyung, yaiku Dewi Surtikanti (dadi sisihane Adipati Karna), Dewi Banowati (prameswarine Duryudana, raja Astina), Arya Burisrawa (satriya Cindhekembang) lan Rukmarata.

Dewi Erawati dadi prameswarine Prabu Baladewa utawa Kakrasana, lan uga kondhang kanthi sesebutan Wesi Jaladara, saka nagara Mandura. Dewi Erawati lan Prabu Baladewa nurunake anak loro sing jenenge Wisata lan Wimuka utawa Wilmuka.

Ing antarane lelakone Dewi Erawati dicritakake nalika sawijining dina Dewi Erawati ilang amarga didhusta dening duratmaka. Duratmaka sing kasil nggawa mlayu Dewi Erawati iku jenenge Kartawiyoga utawa Kartapiyoga, anake Prabu Kurandageni, raja ing nagara Tirtakandasan.

Amarga kedadeyan kasebut, Prabu Salya banjur nggelar pasanggiri utawa patembayan lan medhar sabda, saksapaa sing bisa nemokake Dewi Erawati kanthi slamet, dheweke bakal didhaupake kalawan putri krajan Mandaraka iku. Pasanggiri Dewi Erawati iki ing jagad pedhalangan kondhang kanthi lakon Semar Mbarang Jantur.

Continue reading

Dewi Surtikanti milih mbela pati sisihane


surtikanti_solosurtikanti_yogya

Dewi Surtikanti iku anake Prabu Salya lan Dewi Setyawati utawa Dewi Pujawati. Dene Dewi Setyawati dhewe ora liya anake begawan raseksa sing jenenge Bagaspati ing padhepokan utawa pertapan Hargabelah.

Prabu Salya lan Dewi Setyawati nurunake anak cacah lima, yaiku Dewi Erawati (prameswarine Prabu Baladewa), Dewi Surtikanti, Dewi Banowati (prameswarine Prabu Duryudana), Arya Burisrawa lan Rukmarata.

Ing lakon Alap-alapan Surtikanti dicritakake karaton Mandraka kalebon sawijining durjana sing tansah ngadani patemon kalawan Dewi Surtikanti. Maling agung kasebut raine mirip Pamade utawa Arjuna saengga Arjuna saguh ngrangket durjana kasebut.

Ing taman Mandraka, Arjuna bisa sapatemon kalawan durjana sing mlebu ing karaton Mandraka. Arjuna kasil mangerteni jati dhirine duratmaka sing ora liya Suryaputra. Wusana Arjuna lan Suryaputra banjur andon yuda, adu kasekten.

Continue reading

Pregiwa-Pregiwati anake Arjuna lan Endang Manuhara


pergiwati_solopergiwa_solo

Endang Pregiwa iku anake Arjuna lan Endang Manuhara. Dheweke duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Endang Pregiwati.

Ing lakon Pregiwa-Pregiwati, kekarone bebarengan lunga nggoleki bapakne menyang Amarta, kairingan Cantrik Janaloka minangka pangiringe.

Ing tengahing laku ngupadi bapakne iku, katelune sapatemon kalawan Kurawa sing nembe ngupadi patah kembar kanggo minangkani wewaton nglamar Dewi Siti Sendari. Ancase Kurawa, Dewi Siti Sendari bakal didhaupake kalawan pangeran pati Astina sing jenenge Leksmanamandrakumara.

Continue reading

Dewi Srenggana-Srenggini nyimpen ilmu sejatining lanang-wadon


srenggini_banyumas

Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini iku anake kembar Resi Badawanganala ing pertapan Sumur Upas lan sisihane sing jenenge Dewi Srunggagini. Ing jagad pedhalangan putri loro kembar iki sinebut Dewi Srengganawati lan Dewi Srengginiwati.

Dewi Srengganawati dhaup lan Naluka, nurunake Dewi Sritanjung. Dewi Srengginiwati dhaup lan Sahadewa, nurunake Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa. Ing lakon Dhaupe Nakula Sahadewa dicritakake saka kawitan malih rumape Bathari Durga dadi Dewi Kunti.

Bathari Durga sing njilma wujud Dewi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab sejatining lanang, sejatining wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh, Dewi Kunti daden-daden iku banjur njaluk saresmi kalawan Sahadewa.

Continue reading

Bambang Sakri antuk gelar bathara amarga mbiyantu para dewa


bambang-sakri

Bambang Sakri iku anake Resi Satrukem lan Dewi Nilawati saka Pujangkara. Sawise dewasa Bambang Sakri kadereng atine supaya enggal duwe sisihan, wanita sing bakal ngancani lan ngampingi ngadhepi sakehing kaanan ing uripe.

Kanggo nggayuh pepenginane iku, Sakri banjur mbangun tapa, njaluk marang para dewa supaya bisa ketemu kalawan wanita jodhone.

Raja krajan Tabelasuket kasebut, ya Prabu Partawijaya, yektine nembe prihatin amarga nagarane kataman pagebluk, banjur ngudi tumbal kanggo nulak lan ngawekani pageblug kasebut.

Continue reading

Widura ora kendhat ngupaya bedhamene Pandhawa lan Kurawa


yamawidura_solo

Widura ing jagad pedhalangan kondhang kanthi sesebutan Yamawidura. Dheweke iki anake Prabu Kresna Dwipayana/Abiyasa/Wiyasa, raja nagara Astina lan prameswarine Dewi Datri.

Arya Widura duwe sisihan sing jenenge Dewi Padmarini, anake Prabu Dipacandra. Kekarone nurunake anak sing jenenge Sanjaya lan Yuyutsuh. Dene sedulur tunggal bapa beda ibu yaiku Drestarastra lan Pandu.

Ing cecongkrahan antarane Pandhawa lan Kurawa, rebutan nagara Astina, Widura kanthi kupiyane ngupaya supaya antarane Pandhawa lan Kurawa bisa bedhamen. Widura tansah nandhesake yen Pandhawa lan Kurawa iku isih sedulur lan ora liya anak-anak sedulure. Ing kupiyane iki, Widura dibiyantu Sanjaya.

Widura sabanjure nemoni Begawan Wiyasa, Prabu Matswapati, Resi Bisma, Resi Krepa, Pandhita Durna, Prabu Drupada, Prabu Drestarastra, Sri Kresna, Prabu Yudhistira lan Prabu Suyudana kanggo mujudake bedhamen antarane Pandhawa lan Kurawa. Continue reading

Bathara Narada patih ing Suralaya


 

narada_solo

Sang Hyang Narada utawa Bathara Narada iku putrane Sang Hyang Caturkanwaka lan Dewi Laksmi. Karana iku Narada uga sinebut Hyang Kanwakaputra utawa Sang Hyang Kanekaputra.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing jagad pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhaludhal. Dheweke duwe sedulur telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang Caturwarna.

Bathara Narada duwe sisihan aran Dewi Wiyodi. Ing palakramane kalawan Dewi Wiyodi iku, Narada peputra Dewi Kanekawati kang sabanjure kapasrahake marang Resi Seta putrane Prabu Matswapati, raja ing nagara Wirata. Saliyane Dewi Kanekawati, Narada uga peputra Bathara Malangdewa. Continue reading