Ramaparasu [7] : Nalika Sang Ramaparasu Kapanggih Kang Sinedya


By MasPatikrajaDewaku

Saka ing pawarta kang binandhung ing karna, akeh pawongan kang nyebutake kalamun Sang Harjuna Sasrabahu jengkar saka praja, ngrabasa prang marang Negara Alengka Diraja amung katindakake pribadi. Saweneh pawarta nyebutake lamun Sang Prabu tedhak cangkrama ngupadi ing ngendi dununging putri kang kena kinarya liru wujuding Dewi Citrawati kang wus surut ing kasidan jati.

Dene para pandita kang tinakonan dening Sang Ramaparasu nanjihake, menawa Sang Prabu wus tan kersa andedawa nyecep memanising jagat, mula Sang Prabu mahas ing asamun madeg pandhita. Nanging tumraping Para Pujangga lan Para Satriya, ora saruju marang pinemu kang mangkana. Pinemune, Sang Prabu tindak ngupadi ing ngendi papan dununge kembang jagad kang kena kinarya liru wujuding Gusti Ratu Citrawati.

Karana pawarta kang kaprungu tan ana kang gumathok, mula pepuntoning tekad, Sang Rama Parasu nedya ngupadi dhewe ing ngendi papan lan paran dununge Prabu Harjuna Sasrabahu. Sakupenging negara kang wewatesan marang Negara Maespati wus kemput kinubengan. Nanging tan kapanggih apa kang sinedya. Wusanane Sang Ramaparasu nyabrang wana gung nedya kundur mring pertapane ingkang rama, nedya ngangin-angin pawartane ing ngendi sayekti Prabu Harjuna Sasrabahu dedunung. Lamun wus pinasthi ing mengko, Rama Parasu bakal anyusul marang paran kang gumathok.

Nanging ing tengahing marga, sedyane kang sakawit nulya kajabel. Jroning driya ana rasa panulak, lamun kondura marang pertapan, ing kana malah saya kandel wewayangan peteng kang nglelimput. Wewayangan sedaning kanjeng ramanira, crita dhuhkita kang matumpa-tumpa tumiba marang kang ibu lan para kadange, bakal bali lumayang ing telenging pangangen-angen. Meksa Sang Rama Parasu jumangkah separan-paran amung ngetutake tindaking suku lan kedheping netrane.

Mangkana wus ndungkap tri ari nggenira Sang Rama Parasu jumangkah anginjeng tanpa sotya, greget osiking pikir nutuh jroning pangangen-angen.

“Salawase ingsun durung nate wruh citra wewujudane Prabu Harjuna Sasrabahu. Kepriye anggonku ngawruhi sapa kang aran Prabu Harjuna Sasrabahu? Apamaneh Sang Prabu Harjuna Sasra anggone tindak jengkar saka praja kanthi tindak sesingidan. Kuwi padha kalawan tindak kang ora kersa kawuningan dening sak sapaa …..”

Dangu Sang Rama Bargawa tan ana mosik, kang ana jroning cipta amung angesthi marang paran dununge pawongan kang sinedya. Jenggirat nyat Sang Rama Parasu tumuju marang puntoning pamikir.

“Ya ! ing kene papan dununge! Menawa Sang Prabu Harjuna Sasrabahu tetela panjalmaning Bathara Wisnu. Mesthine tan bakal bucik kulite menawa kataman wadung lan panahku Bargawastra!

Saka pamikir kang wus gumathok, sigra cinandhak sinandhangan panah lan wadung kang duk nalika samana wus mbrastha para satriya kang cacahe bebasan tanpa wilangan. Sapa ngerti lamun ana sawijining satriya kang kuwawa nadhahi kemandene panah lan wadung kang tetela wus gubras ludira saka pangamuke duk nalilka samana. Kacarita, ingambalan Sang Rama Bargawa ngamuk punggung. Dwidasa, tegese rongpuluh cacahing satriya kang tumekaning tiwas jroning catur ari.

Kocap, nalika samana nuju Sang Rama Bargawa sumendhe ing kekayon saka lungkrahing sarira, keprungu ana kumreseking pang gapuk kang kapidak, karya kagyating tyas Sang Rama Parasu. Gya menyat saka palungguhan, mrepegi ing ngendi papan pawongan kang kumawani akarya osik .

Saksana Sang Bargawa ngematake sakupenge, tan sisip paningale Sang Bargawa lamun ana satriya kang dumunung ing sakupenge katitik ana pang kang kaprapal dening warastra lan ana tabet jangkahing manungsa.

Sangsaya katarik jangkahira tumuju marang tabeting jejangkah, sanalika katon ana satriya kang menthang gendewa. Titi patitis olahing warastra satriya kang katon, tan ana sawiji kang karya rangu, menawa satriya kuwi dudu darajate wong aceplik. Sakala Rama Bargawa ngadhang dedalan kanthi ulat kang wengis.

Kagyat gora wekasan raja sinatriya kang tetela iku Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu kang jengkar saka praja wus andungkap sawatara candra tanpa ana kang sinedya. Gempung lan puteking nala tan prabeda kaya dene kang sinandhang dening Sang Rama Parasu.

Nyata Sang Harjuna Sasrabahu tan prabeda sedyane kalawan Sang Rama Parasu, kang nedya angulati ing ngendi papan dununge pawongan kang dadi panuksmaning Bathara Wisnu. Sang Prabu uga wus ana puntoning galih, lamun ing ngendi ana pawongan kang keduga nadhahi Senjata Cakra, ya kuwi pawongan kang dadi titising jati Bathara Wisnu.

Jalma kang darbe tunggal karep, saksana wus ayun ayunan!

####

Kacarita, mesem jroning wardaya Prabu Harjuna Sasrabahu natkala ingadhang dening pawongan kang pangawak sarwa sembada. Jroning driya tan samar lamun wus kapanggya kang sinedya.

“Heh sapa sira kang wani ngadhang lakuku?!” mangkana amuwus Sang Prabu “Iblis, menungsa apa wewujudaning Dewa?”

Sang Rama Parasu tan bangkit anjejawab, amung eseming lathi saka bungahing nala. Sakala kekarone padha dene angulati sarwa mesem.

“Mesthine sira wujuding jalma manungsa, katitik sira ora ilang kenedhepake!” wusana Rama Parasu angunandika.

“Mesthine sira uga sabangsaning manungsa, katitik ana wewayanganmu kang cumithak ing bantala!” Sang Prabu muwus tan kena ingasorake.

“ Bagus! Nyata lamun kita darbe pamawas kang ora geseh!”

“Ora luput pamuwusmu!”

“Yoh, kita rerembugan kaya dene patraping satriya, aja kaya patrape brahmana kang andum wewarah. Tumuli sajarwaa, sapa sejatine jeneng sira?” mangkana sereng sora amuwus Rama Bargawa.

“Sapa jenengmu heh jalma wanan!?  Kalamun tak umpamane ingsun iki pawongan kang mardhika, iki papan dunungku. Mula sira kang luwih dhisik sajarwa sapa aranmu, kaya kalumrah patrape tetamu teka ing papan panggonanku!” Mangkana Prabu Harjuna Sasrabahu lumuh ingasorake.

“Iya, yen kowe lumuh ingasorake, mara tilingana. Asalku saka pertapan satengahing wana gung. Ingsun putra Resi Jamadagni kang wuragil. Jenengku Rama Parasu. Apa sira durung nate wanuh marang kang awujud Rama Parasu ya Rama Bargawa?”

Sakala kagyat Prabu Harjuna  Sasrabahu. Tan ana pangira sawiji wiji dene samangke wus ayun-ayunan kalawan kang aran Rama Parasu. Pawongan kang wus kentar tandange wiwit saka mangsa kalane isih timur. Nalika maksih dadi pangeran pati. Sakala sigra Prabu Harjuna Sasrabahu lilih patrape, gya ingacaran lungguh Sang Rama Bargawa ing oyoting kekayon. Mangkana pangandikane aris.

“Ooh . . . apuranen jeneng ingsun! Tan ana ngira dene jengandika Sang Satriya Pinandhita kang wus kawentar ing jagat. Nama jengandika wus kasusra dadi sawijining dedongengan kang tuhu anggegirisi, keprungu wiwit saka mangsakala aku isih awujud bocah. Ora ngira lamun Dewa kepareng darbe kersa nepungake lawan jengandika Sang Rama Bargawa kang kasusra ing salumahing bhumi sakureping langit!”

“Yen saiki wus ngerti sapa sejatine aku, saiki sajarwaa sapa sejatine sira iku?” Maksih kanti ati kang kabranang, mangkana pangandikane Rama Bargawa.

“Jengandika bakal kuciwa lamun mengerteni sapa sejatine ingsun. Aku Harjuna Sasrabahu tilas raja ing Maespati”

Sakala geter Sang Rama Bargawa. Bungahing nala kaya dene kebrugan wukir sari. Jroning cipta kaya alunjak-lunjak dene wus kapanggih kang den upadi. Nanging meksa maksih ana sesa cubriya, iya yen iki bener kang ingaran Prabu Harjuna Sasrabahu. Sakala kabranang sarwa amuwus, Rama Bargawa.

“Heh pawongan kang ngaku Prabu Harjuna Sasrabahu raja kang gung binathara. Raja kang wus kasusra dadi panjalmaning Bathara Wisnu. Aja sira nindakake pakarti cidra. Aku lumuh lamun ingapusan, sanajan ta dening anaking dewa Yama aku ora rila!!”.

“Aku sajarwa apa anane. Lamun andika nate midhanget ceciri ing saranduning awakku, mesthi aku kadunungan. Lamun andika sumurup marang apa kang dadi piyandel kang awujud senjata Cakra, aku bakal anudhuhake. Ingsun uga lebda angudhar carita sakabehing bab kang ana gegayutane marang prajaku,  kawulaku, garwa prameswariku uga pepatihku kang sudibya ing pupuh. Nanging ana bab kang ora sarju marang pangandikane jengandika. Dene jengandika anyebut  menawa ingsun kasebut panjalmaning Bathara Wisnu!?”

“Ingsun nate krungu pawarta, manawa sira nate ngrabasa prang lumurug lumawan Raja ing Alengka, Prabu Rahwana Raja. Mara critanana supaya ingsun percaya marang sejatine sira kang ngaku Prabu Harjuna Sasrabahu!”.

“Yoh Sang Satriya Pinandhita, aku bakal minangkani pamundhutmu supaya lega lan percaya marang jati dhiri jenengingsun”

Ramaparasu saksana tumungkul ngreka pitakonan kang bakal katujokake marang satriya ing ngarsanira. Mangkana pangandikane sawusnya tidhem sawetara.

“Sapa pepatih ing negara Maespati, lan turun sapa?”

“Patihku aran Bambang Sumantri ya Patih Swanda. Dene kang ramane aran Resi Swandagni” cukat Prabu Harjuna Sasrabahu jejawab kanthi esem kang kumambang ing lathi. Nuli Prabu Harjuna Sasrabahu anerusake.

“Resi Suwandagni kagungan putra loro cacahe. Kang waruju aran Sumantri dene kang wuragil aran Sukrasana. Wewujudan sakarone kaya dene bumi lan langit sakumpamane. Sumantri darbe wewujudan pekik kang warna sarwa sembada. Prawira sekti mandraguna lan darbe senjata dibya kang ingaran Cakrabaswara. Nanging rayine kang aran Sukrasana, wewujudane cebol kepati kang wujud praupane kaya dene raseksa. Nanging Sukrasana sinung ati kang banget mulya.

Miyak kang padha mara seba kang ingaran Bambang Sumatri nalika samana nuju ingsun nggelar parepatan.  Lekase Sumantri arsa suwita marang jenengingsun. Patrape repepeh-repepeh lampah dhadhap anorraga kaya sata matarangan bocah mudha kang abebusana sarwa prasaja kuwi. Ewa samana, prasaja busananing sang apekik, malah saya angetingalake bregasing sarira. Senajanta ingsun durung wanuh lan durung andangu kang nembe prapta, nanging jroning driya, ingsun wus krasa matrenyuh kaduk tresna. Mula sigra gupuh ingacaran praptane nonoman bagus jatmika kang satindak tanduke datan angilangi ing tata susila. Marak sebane Bambang Sumantri, bebasan kaya adoh ingawe, senajanta wus kepara cerak kaya anggung rinaketake.

Mesem jroning atiku saka mulat citrane kang nembe prapta kang tetela sumunar anglais tejane. Kanthi ririh ingsun tetanya marang bocah mudha kuwi  “Heh bocah bagus kang nembe prapta. Aja sira nganggep ingsun tumambuh, awit katemben iki ingsun nyumurupi ing sira. Saka ngendi sira lan apa mungguh wigatine dene kumawani marak seba ana ing ngarsaku”

“Sinuwun, kula wingking saking pertapan Jatisarana, atmaja Sang Resi Swandagni, nami kula Bambang Sumantri. Sewu lepat dene kula kumawantun sumalonong sowan ing ngarsanipun ingkang sinuwun. Mugi wontena suka lilaning panggalih ,waleh-waleh menapa, sotaning manah kula badhe suwita, ngenger-ngiyup ing ngandhaping  pepada paduka sinuwun. Senajanta kadadosna pekathik pangariting suket-pangeroking kudha, sukur bage lamun kula katampi dados tamtamaning praja”. Sarwi tumungkul amarikelu, Bambang Sumantri umatur patitis jangkep trapsilane.

“Sumantri, purwa madya wasana wus mboya karempit aturira. Nanging kawruhana, para pamagangan kuwi kudu kawuningan luwih dhisik dening patih wasesaning praja yaiku Patih Surata. Borong kawicaksanan tak pasrahake marang sira, Patih Surata”. Tumuli ingsun paring aba marang Patih Surata, pepatih kang wus kepara yuswa, supaya murba marang Bambang Smantri,

Sepi samun nalika tilas Nata ing Maespati, Prabu Harjuna Sasrabahu, kandheg nggenya medhar carita. Nanging sawusnya sawatara maspadhaake marang ulate Sang Rama Parasu, Prabu Harjuna Sasra tumuli tetanya marang Satriya Pinandhita kang maksih anjenggereng ing ayunan.

“Sang Rama Parasu, apa jengandika maksih kersa utawa nora bosen midhangetake critaku kang dawa iki?” Sang Prabu Harjuna Sasrabahu tetanya marang Rama Parasu.

“Tumuli bacutana, ora-orane aku bosen ngrungoke critamu kang gawe sengseming atiku.”. Anjejawab saruju Rama Parasu.

“Sekethi jumurung dene jengandika nora kabotan. Mengkene bacuting critaku”.

Nuli crita kabacutake. Nalika samana Patih Surata maringi katrangan bab repoting Praja Maespati marang Bambang Sumantri.

“Ngger Bambang Sumantri, Awit saka keparenge gusti ratumu Prabu Harjunasasra. Aku kang tinanggenah ngrampungi perkara. Ala lamun mbalekake wong kang arsa suwita ing ratu lan tulus lahir batin duwe karep utama angayahi pakaryaning praja. Sumantri, wajibe kang arsa suwita ing ratu, sira datan kena minggrang-minggring nggonira angayahi wajib nyangkul jejibahan, sira kudu manut setya tuhu miturut sapakon. Sira aja angresula menawa kajibah ing pakaryan kang abot, sabab pangresula kuwi surasane amung lumuh ingaran luput. Sira uga aja tumindak cilik anduwa, gedhene andhaga marang titahing nalendra. Lamun sira tumindak kang mangkana, bakal gedhe pidananing ratu tumrap marang sira” Sareh Patih Surata amijangake.

“Nuwun inggih gusti Patih. Sedaya atur paduka Gusti Patih, samendhang mboten wonten ingkang karempit. Sampun kula tampi jangkep lan sedaya pangandika Paduka Gusti Patih kula pundhi”

“Mangertiya Sumantri, ora sethithik cacahing nomnoman kang wus nembung nyuwun suwita ing raja. Nanging Ingkang Sinuwun durung ana wanci kanggo nampa kabeh suwitane, amarga ing dina kiwari iki, Praja Maespati kaya dene ketaman grahana surya. Petenging penggalih Prabu Harjuna Sasrabahu ora gampang dipadhangake, senajana ta dening Dewa angejawantah bebasane”.

“Menapa Paduka Gusti Patih suka paring katrangan menapa ingkang dados sungkawaning penggalih. Sandeyaning manah kawula, menawi saged katampi pangengeran kula, keparenga kula ambiyantu caos pepadhang, angentheng-enthengi bot repot ingkang kasandhang dening Gusti Prabu Harjuna Sasrabahu”. Mangkana Bambang Sumantri sumambung atur.

“Sumantri, kalamun sira mengko ditampik, sira aja ngresula, nanging umpama ditampa, sira aja kaladuk gambira. Sabab purba ana ing tanganku nanging wasesa dumunung ing astane Sang Prabu Harjunasasra. Surya kang ketaman grahana ing Maespati bakal bali sumilak padhang, yenta ana sawijining pawongan kang sembada ngilangake tri prakara kang kasandhang ing Negara Maespati. Kawruhana angger Sumantri, dina iki keh para kawula ing Maespati lagya nandang kasangsayan. Sabab lemah sawah lan pategalan tan ana kang bisa tinanduran. Lemah kang samau loh, saiki dadi cengkar, nela. Sabanjure dadi papan pandhelikane ama lan kewan gegremetan kang mawa wisa. Tanem tuwuh tetanduran gogrog tumuli pusa. Senanjanta tlaga kang samau tirtane megung, ing wektu saiki sasat asat, tan ana sesa senanjanta amung sajembaring godhong waru. Kaping pindhone, wasitaning Jawata kang dumeling ing talingane gustimu Sri Harjuna Sasrabahu, negara bakal pulih kaya wingi uni, lamun Gustimu Prabu wus keduga amboyongi Putri ing Magada, Dewi Citrawati” sawetara Patih Surata pedhot aturira sarwi anyawang ulate Bambang Sumantri. Kang ingulatan hamung tumungkul amarikelu, yayah konjem ing bantala wadanane.

“Nanging uga sira mesthi sumurup, ing dina saiki Negara Magada wus kinepung dening raja sewu negara, kang darbe karep kang padha, yakuwi ngayunake Sang Raja Putri”.

Patih Surata mungkasi wewarah marang Bambang Sumantri. Katon Patih Surata unjal kang huswa sarwa anyawang guwayane Bambang Sumantri. Kang kasawang tanggap ing sasmita kalamun wus paripurna pangandikane Sang Apatih.

Saksana Bambang Sumantri matur kanthi patrap kang kaladuk cumanthaka, “Nuwun Gusti Patih lan Sinuwun Prabu Harjuna Sasrabahu, kalilanana kula sumalonong mboten pinarentah anyagahi angentas perkawis ingkang sampun Gusti Patih angandika-aken. Ingkang sepisan, keng abdi suka pambiyantu bab bot repoting kawula negari Maespati. Kaping kalih kula sagah ngwangsulaken para nalendra ingkang sampun tunggal kersa ngalap dewi Citrawati, angepung Nagari Magada. Kaping tiga kula angajap, sageda waluya katemahan jati, pepeteng ingkang ngalimput nagari Maespati, menawi kula saged mboyong sekaring kedhaton negari Magada, ingaturan dhumateng jengandika gusti kula Prabu Harjuna Sasrabahu. Andungkap titi wanci menika, keparenga ingkang abdi jumangkah nuju ing Nagari Magada. Nrenggalangi mengsah, amunah kasektenipun para nalendra sewu nagari. Perkawis menika sampun ta kagalih awrat. Keparenga Gusti Prabu lerem wontening praja kewala. Mboten sisah Paduka jengkar saking praja ngrabasa prang nrenggalangi para nalendra sewu negari. Inggih ta lamun mangke paduka saged unggul ing ngayuda”.

Cuwa rasaku, tyasku kebranang kaya dene kinilanan pranajaku. Ana swara kaya dene geguntur jumlegur ing akasa kapireng saka pungkasaning ature Bambang Sumantri kang kaduk wani kurang duga prayoga. Ingsun gya menyat saka dhampar, lon lonan ingsun jumangkah ngungkurake Bambang Sumantri. Sarwi sugal pangandikaku marang Patih Surata anyemoni tingkah pakartine Sumantri kang kasurung rasa kamudhan kang kebak ing piyangkuh;

Dongeng punika, kapethik mentah saking Bahasa Indonesia, kaolah mawi bumbu sarwa Jawi, saking kitab Ramayana, anggitanipun Herman Pratikto. Nuwun sewu Ki Narta, bumbu Jawi panjenengan kathah ingkang kula angge panyedhep raos)

About these ads

7 thoughts on “Ramaparasu [7] : Nalika Sang Ramaparasu Kapanggih Kang Sinedya”

  1. Dereng mateng njih Kangmase, mangkeh dipun gelar lan tasih kemebul, lha niki mpun kumecer kula, Njih kula tak ndodok teng ngarep lawang nengga sing saweg dimasak, ampun pedes-pedes Mase.

  2. Bumine padha ning tanem tuwuh, kang mundhi titipan saka Kang Sejati, nyuguhke woh wohan kang maneka warna wujud lan rasane kanggo sagung tumitah. Iku mau isih durung diolah dening manungsa. Bisa uga sawise diolah wuwuh cita rasane. Gumantung mligine sing tukang ngolah. Sadurunge dahar liyane coba dicicipi olah olahane MASPATIK. Jare arek malang guendeng tenan ….. jan uenak pol !

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s